Mamalia
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Mamalia |
|||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Gambar conto kéwan sing kalebu ing mamalia
|
|||||||||||
Klasifikasi èlmiah | |||||||||||
|
|||||||||||
|
|||||||||||
*Subkelas †Allotheria*
|
Kéwan nyusoni utawa mamalia iku kelas kéwan vertebrata sing utamané kaciri déning anané kelenjar susu, kéwan betina ngasilaké susu minangka sumber panganan anaké; anané rambut; lan awak sing endoterm utawa "getih panas". Utek ngatur sistem peredaran darah, kalebu jantung sing duwé ruang papat. Mamalia kapérang luwih saka 5.000 genus, sing sumebar ing 425 keluwarga lan nganti 46 ordo, sanajan perkara iki gumantung klasifikasi ilmiah sing dinggo.
Sacara filogenetik, sing disebut Mamalia iku kabèh turunan saka nenek moyang monotremata (kayata echidna) lan mamalia therian (sing duwé plasenta lan duwé kanthong utawa marsupial)
[sunting] Karakteristik
Sebagéan gedhé mamalia nglairaké keturunané, nanging ana sapérangan mamalia sing kagolong ing monotremata sing ngendhog. Kalairan uga dumadi ing akèh spesies non-mamalia, kaya ing iwak guppy lan hiu martil; mula nglairaké dudu kaanggep minangka ciri khusus mamalia. Semono uga sifat endotermik sing uga diduwéni déning manuk.
Monotremata ora duwé puting susu, nanging tetep duwé kelenjar susu. Artiné, monotremata nyukupi syarat kanggo mlebu ing kelas Mamalia. Perlu dimangertèni menawa taksonomi sing asring dipigunaaké saiki asring nekanaké ing pepadhan nenek moyang; diagnosa karakteristik migunani banget ing identifikasi asal usul sawijining makluk, nanging umpama ana salah siji anggota Cetacea jebulé ora duwé karakteristik mamalia (kayata, duwé rambut) makluk mau bakal tetep dianggep minangka mamalia amarga nenek moyangé padha karo mamalia liyané.
Mamalia duwé telu balung pangrungu ing saben kuping lan siji balung (dentari) ing saben sisih rahang ngisor. Vertebrata liya sing kupingé mung duwé siju balung pangrungu (yaiku, stapes) ing saben kuping lan paling ora telu balung liya ing saben sisih rahang.
Mamalia duwé integumen sing kapérang saka telung lapisan: paling njaba yaiku epidermis, sing tengah iku dermis, lan paling njero iku hipodermis. Epidermis biasané kapérang saka telung puluh lapis sel sing fungsiné dadi lapisan tahan banyu. Sel-sel paling njaba saka lapisan epidermis iki asring moncék; epidermis bagéan paling njero asring mbelah lan sel anakané kesurung munggah (arah metu). Bagéan tengah, dermis, kandelé ping limalas nganti ping patangpuluh tinimbang epidermis. Dermis kapérang saka manéka warna komponen kaya pembuluh getih lan kelenjar. Hipodermis kasusun saka jaringan adiposa lan fungsiné kanggo nyimpen lemak, penahan benturan, lan insulasi. Kandelé lapisan iki macem-macem variasiné ing saben spesies.
[sunting] Pirsanana uga
- Daftar kéwan nyusoni