Vertebrata
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Vertebrata |
||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Tiliqua nigrolutea
|
||||||||
Klasifikasi èlmiah | ||||||||
|
Vertebrata iku subfilum saka chordata, khususé, sing nduwé balung mburi utawa kolom spinal. Balung ing kolom spinal (utawa kolom bertebral) disebut vertebrai. Vertebrata iku subfilum paling gedhé saka chordata, lan kapérang saka kéwan sing biasané umum dingertèni menungsa (kejaba srangga).
Iwak (klebu lamprey nanging dudu iwak hag), amfibi, reptil, manuk, lan mamalia (klebu menungsa) iku vertebrata. Ciri tambahan saka subfilum iki yaiku sistem otot sing akèh kapérang saka pasangan masa, lan uga sistem saraf pusat sing biasané ana ing njeron balung mburi. Sok-sok ana sing ngira yèn yuyu iku vertebrata nanging uyu mung nduwèni cangkang sing kagawé saka zat kitin. Amarga iku yuyu klebu invertebrata.
[sunting] Pranala njaba
Artikel prakawis biologi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |