Karajan (biologi)
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ing biologi, sing dimaksud Kerajaan utawa Regnum (basa Inggris: kingdom) iku tingkatan paling nduwur, utawa mèh paling nduwur, saka klasifikasi ilmiah makluk urip. Lekasané, mung ana rong kerajaan: Animalia kanggo kéwan lan Vegetabilia utawa Plantae kanggo tetanduran. Para ahli ing mula bukané uga nglebokaké mineral ing kerajaan Mineralia. Saben kerajaan dibagi ing sajroning kelas sing diklumpukaké ing njeron filum (kanggo kéwan) utawa divisi (kanggo tetanduran). Ing mburiné, sapérangan kerajaan anyar wus dibentuk lan sistem apa kang dipigunaaké durung disepakati.
Nalika makluk urip sel siji ditemoaké, panemon anyar iki dipérang dadi rong kerajaan: sing bisa obah mlebu filum Protozoa, sauntara alga lan bakteri mlebu divisi Thallophyta utawa Protophyta. Nanging ana sapérangan makluk sing dileboaké ing filum lan divisi, kaya alga sing bisa obah, Euglena, lan jamur lendir sing memper amuba. Amarga anané kabingungan iki, Ernst Haeckel nyaranaké anané kerajaan katelu, yaiku Protista kanggo nampung makluk urip sing ora duwé ciri klasifikasi sing cetha. Kerajaan katelu iki lagi populér saiki (sok nganggo sebutan Protoctista).