Genus
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ing biologi, genus utawa marga iku salah sawijining wangun panglompokan ing klasifikasi makluk urip. Anggota-anggota genus duwé pepadhan morfologi lan kekerabatan sing cerak. Ing sistem tatajeneng binomial, jeneng sawijining spesies makluk urip kapérang saka rong tembung: jeneng genusé (diwiwiti kanthi huruf kapital) lan jeneng panunjuk spesiesé. Contoné, Homo sapiens, jeneng ilmiah kanggo spesies menungsa modhérn, nandhaaké menawa menungsa modhérn kagolong ing genus Homo.
![]() |
Artikel prakawis biologi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |