Republik China
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
- Taiwan mangalih ing kaca iki. Jeneng resmi negara iki iku Républik China. Taiwan sajatiné sawijing kawasan ing negara iki, nanging tembung iki kerep digunakaké kanggo ngrujuk negara iki sacara kabèh. Taiwan uga jeneng sawijining pulo, mangga mirsani artikel pulo Formosa.
|
|||||
Motto: Ora ana | |||||
Basa resmi | Mandarin | ||||
Ibu kutha | Taipei (台北)1 | ||||
Kutha paling gedhé | Taipei | ||||
Presidhèn | Chen Shui-bian (陳水扁) |
||||
Wakil Presidhèn | Annette Lu | ||||
Perdana Menteri | Su Tseng-chang (蘇貞昌) | ||||
Wilayah - Total - % air |
Urutan ke-134 32.260 km² 10,34% |
||||
Pedunung - Total (2003) - Kepadatan |
Urutan ke-47 22.749.838 705/km² |
||||
Proklamasi - Proklamasi ing - Pangadegan |
Revolusi Xinhai 10 Oktober 1911 1 Januari 1912 |
||||
PDB (PPP) - Total (2005) - PDB/kapita |
US$629 milyar (17) $27,122 (23) |
||||
Valuta | Dolar Anyar Taiwan (新臺幣), NT$ |
||||
Zona wektu | UTC +8 | ||||
Lagu kabangsan | Telung Prinsip Rakyat (三民主義) |
||||
TLD | .tw | ||||
Kodhe negara | +886 | ||||
(1) Kanggo sawetara wektu, ibu kutha resmi Republik China papané isih ana Kutha Nanjing ing Cina Dharatan. |
Republik China (Aksara Tionghoa tradhisional: 中華民國; Aksara Tionghoa prasaja: 中华民国; Wade-Giles: Chung-hua Min-kuo, Tongyong Pinyin: JhongHuá MínGuó, Hanyu Pinyin: Zhōnghuá Mínguó) iku sawijining negara sing saiki nguwasani tlatah kapuloan Taiwan, Kapuloan Pescadores, Quemoy, lan Kapuloan Matsu. Tembung "Taiwan" biasané digunakaké kanggo ngrujuk ing Republik China minangka kabèh, sawetara iku istilah "China"/"Tiongkok" ngrujuk ing Republik Rakyat Cina, sing nguwasani Tiongkok Daratan, Hong Kong lan Makau. Sanadyan "Republik China" iku jeneng resmi negara iki, tembung "China" iku dhéwé biasané ngrujuk ing Tiongkok Daratan sing pamaréntahané dijupuk déning Republik Rakyat China sawisé pamaréntahan Republik China bubar ing taun 1949. Manggan mriksani Republik China (1911-1949) lan Perang Sadulur Tiongkok kanggo katrangan luwih akèh.
Republik China (ROC) iku wiwité ing Tiongkok Daratan, sawisé pamaréntahan Dinasti Qing digulingaké ing taun 1912 lan nandhani bubaré 2.000 taun pamaréntahan kakaisaran.