Pedunung
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Pedunung sawijining negara utawa dhaérah bisa dipérang dadi rong pangertèn:
- Wong sing manggon ing dhaérah kasebut
- Wong sing sacara hukum duwé hak manggon ing dhaérah kasebut, utawa nduwèni surat resmi kanggo manggon ing kana, nanging milih manggon ing dhaérah liya.
Jroning èlmu sosiologi, pedunung yakuwi kumpulan manungsa kang ngenggoni wilayah geografi lan ruang tinamtu.
Masalah-masalah bab pedunung disinaoni ing èlmu Demografi. Manéka warna aspèk perilaku manungsa disinaoni ing sosiologi, ékonomi, lan geografi. Demografi akèh dianggo ing babagan pemasaran, sing gegandhèngan raket karo unit-unit ekonomi, kayadéné pengècèr nganti pelanggan potensial.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kapadhetan pedunung
Kapadhetan pedunung diitung kanthi: mara cacahing pedunung karo jembar wilayah sing dipanggoni.
Sawetara pengamat masarakat percaya yèn konsèp kapasitas amot uga lumaku jroning nyinaoni bab pedunung ing bumi, yakuwi pedunung sing ora kakontrol bisa nyebabaké katastrofi Malthus. Sawetara pengamat liyani ora percaya marang panemu iki. Grafik ing ngisor nuduhaké mundhaké logistik pedunung.
Negara-negara cilik biasané nduwèni kapadhetan pedunung paling dhuwur, ing antarané: Monako, Singapura, Vatikan, lan Malta. Negara gedhé sing nduwèni kapadhetan pedunung dhuwur antara liya Jepang lan Bangladesh.
[sunting] Pedunung donya
Adhedhasar èstimasi kang ditrebitkan déning Biro Sensus Amérika Sarékat, pedunung donya ngancilk angka 6,5 milyar jiwa ing tanggal 26 Februari 2006 jam 07.16 WIB. Saka watara 6,5 milyar pedunung donya, 4 milyar ing antarané manggon ing Asia. Pitu saka sepuluh negara kanthi pedunung paling akèh ing donya dumunung ana ing Asia (senadyan Rusia dumunung ing Eropah). Ing ngisor iki peringkat negara-negara ing donya adhedhasar cacahing pedunung (2005):
- Republik Rakyat Tiongkok (1.306.313.812 jiwa)
- India (1.103.600.000 jiwa)
- Amérika Sarékat (298.186.698 jiwa)
- Indonésia (241.973.879 jiwa)
- Brasil (186.112.794 jiwa)
- Pakistan (162.419.946 jiwa)
- Bangladesh (144.319.628 jiwa)
- Rusia (143.420.309 jiwa)
- Nigeria (128.771.988 jiwa)
- Jepang (127.417.244 jiwa)
-->
[sunting] Referensi
[sunting] Pranala njaba
- (en) Phishare.org
- (en) Population Reference Bureau
- (en) Populationworld.com
- (en) Divisi kependudukan PBB
- (en) Biro Sensus AS - Daftar negara ing donya miturut cacahing pedunung
- (en) PopulationData.net - Informasi lan peta penduduk dunia
- (en) World Population Clock - Sensus pedunung AS
- (fr) WorldPopClock.com