Santo Petrus
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
- Petrus pindah dumugi kaca punika. Kagem kagunaan sanès, pirsani Petrus (disambiguasi).
Santo Petrus | |
---|---|
St. Petrus, dening Francesco Cossa. |
|
Kefas (Sang Watu) | |
Miyos | Betsaida |
Seda | dipunsalibken kawalik ~64 ing Roma |
Dipunkenal ing | Sedaya Kristen |
Papan | Basilika Santo Petrus |
Riyaya | 11 Februari, 29 Juni, 18 November |
Simon Petrus miyos ing Betsaida, Galilea. Ing sejarah Kristen, panjenengané lan Andreas punika salah setunggal saking kalih welas rasul kapisan Yesus. Sadèrèngipun dados rasul, panjenengané makarya dados nelayan.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Karasulan
Yesus nggantos asma Simon, dados Kéfas utawi Petrus, ateges watu karang ingkang dados tandha Petrus punika pamimpin murid Yesus lan landhesan gereja ingkang badhé dipundegaken Yesus ing inggilipun.
Petrus ingkang nomer setunggal miwiti ngakèni imanipun bilih Yesus punika Kristus lan putra Allah ing Kaisarea lan penjenengané nyeksèkaken transfigurasi Yesus ing nginggil redi.
Sawijining kedadosan ingkang lekat kalih Petrus inggih punika tindakanipun nyangkal kaping tiga tumrap Yesus ingkang dipunparingi tandha kaping tiga pitik jago kluruk sadèrèngipun guru punika dipunsalib.
[sunting] Karya sasampunipun panyaliban Yesus
Petrus tasih dèrèng kathah makarya sasampunipun kaminggahan Yesus dumugi ing Swarga. Petrus lan murid-murid sanèsipun tasih dedalem wonten ing lebet kutha Yerusalem, Kempal kagem semèdi lan sembayang sesarengan kaliyan kirang langkung satus kalih dasa tiyang, ngantos dumugi dinten Pentakosta. Ing dinten Pentakosta punika Roh Suci disiramaken kados ilat-ilat geni. Sasampunipun kedadosan punika, Petrus maringi kotbah ingkang pungkasanipun nyebabaken tigangewu tiyang nyuwun dipunbaptis.
Ing tembé wingking Petrus lumampah lan dedalem ing Roma. Roma ing wekdal punika dados pusat sedaya Kekaisaran Romawi. Ing mrika, Petrus nobataken kathah tiyang. Ing wekdal panganiaya kejem tumrap tiyang-tiyang Kristen dipunwiwiti, jemaat ing mrika nyuwun dhumateng Petrus supados ninggalaken Roma lan nylametaken dhiri.
Kocap miturut tradhisi, Petrus pancèn saweg sajroning lampah ninggalaken Roma ing wanci panjenengané papagan kaliyan Yesus ing tengah margi. Petrus tanglet dhumateng Gusti, “Gusti, badhé dhateng pundi Gusti tindak?” (mawi basa Latin: "Quo Vadis?"). Yesus njawab, “Aku teka kanggo disalibaké kaping pindho.” Sasampunipun kedadosan punika Petrus mbalik lan wangsul tumuju Roma. Panjenengané mangertos menawi kedadosan ingkang dipuntingali punika ateges panjenengané kedah sengsara lan seda kagem Yesus.
[sunting] Kepausan
Paus Santo Petrus | |
---|---|
Asma wiyosan | Simon bin Yunus |
Wiwit njabat | ±30 |
Dugi | ±64/±67 (?) |
Dipundhisiki | mboten wonten |
Dipunterusaken | Linus |
Miyos | tanggal mboten dipunmangertos Betsaida, Galilea |
Séda | ±64/±67 (?) Roma, Italia |
Paus bernama sanesipun | |
Catatan kaki {{{footnotes}}} |
Ing wekdal rumiyin dèrèng kasebut paus, nanging Petrus sampun dados kepala Konsili Para Rasul ing Yerusalem taun 50.
Sasanèsipun khotbah, Petrus ugi nyerat surat-surat ingkang sapunika wonten ing tunggaling Prajanjéyan Enggal.
[sunting] Kematian
Petrus seda kanthi cara dipunsalibaken kuwalik ing Roma ing mangsa pamréntahan Kaisar Nero. Petrus dipunsarèaken ing papan ingkang sapunika persis wonten ngandhap altar utami Basilika Santo Petrus ing Vatikan.
[sunting] Mangga ugi pirsani
- Daftar santo
Dipundhisiki déning: mboten wonten |
Paus (daftar) |
Dipunterusaken déning: Paus Linus |
Petrus • Linus • Anakletus • Klemens I • Evaristus • Aleksander I • Siktus I • Telesphorus • Hyginus • Pius I • Anisetus • Soter • Eleutherius • Viktor I • Zephyrinus • Kallistus I • Urbanus I • Pontianus • Anterus • Fabianus • Kornelius • Lucius I • Stefanus I • Siktus II • Dionisius • Feliks I • Eutychianus • Gaius • Marsellinus • Marsellus I • Eusebius • Meltiades • Silvester I • Markus • Julius I • Liberius • Damasus I • Sirikus • Anastasius I • Innosensius I • Zosimus • Bonifasius I • Selestinus I • Siktus III • Leo I • Hilarius • Simplisius • Feliks III • Gelasius I • Anastasius II • Symnakus • Hormidas • Yohanes I • Feliks IV • Bonifasius II • Yohanes II • Agapitus I • Silverius • Vigilius • Pelagius I • Yohanes III • Benediktus I • Pelagius II • Gregorius I • Sabianus • Bonifasius III • Bonifasius IV • Adeodatus I • Bonifasius V • Honorius I • Severinus • Yohanes IV • Theodorus I • Martinus I • Eugenius I • Vitalianus • Adeodatus II • Donus • Agathus • Leo II • Benediktus II • Yohanes V • Conon • Sergius I • Yohanes VI • Yohanes VII • Sisinnius • Konstantinus • Gregorius II • Gregorius III • Zakarias • Stefanus II • Paulus I • Stefanus III • Adrianus I • Leo III • Stefanus IV • Paskalis I • Eugenius II • Valentinus • Gregorius IV • Sergius II • Leo IV • Benediktus III • Nikolas I • Adrianus II • Yohanes VIII • Marinus I • Adrianus III • Stefanus V • Formosus • Bonifasius VI • Stefanus VI • Romanus • Theodorus II • Yohanes IX • Benediktus IV • Leo V • Sergius III • Anastasius III • Lando • Yohanes X • Leo VI • Stefanus VII • Yohanes XI • Leo VII • Stefanus VIII • Marinus II • Agapitus II • Yohanes XII • Leo VIII • Benediktus V • Yohanes XIII • Benediktus VI • Benediktus VII • Yohanes XIV • Yohanes XV • Gregorius V • Silvester II • Yohanes XVII • Yohanes XVIII • Sergius IV • Benediktus VIII • Yohanes XIX • Benediktus IX • Silvester III • Benediktus IX • Gregorius VI • Klemens II • Benediktus IX • Damasus II • Leo IX • Viktor II • Stefanus IX • Nikolas II • Aleksander II • Gregorius VII • Viktor III • Urbanus II • Paskalis II • Gelasius II • Kallistus II • Honorius II • Innosensius II • Selestinus II • Lucius II • Eugenius III • Anastasius IV • Adrianus IV • Aleksander III • Lucius III • Urbanus III • Gregorius VIII • Klemens III • Selestinus III • Innosensius III • Honorius III • Gregorius IX • Selestinus IV • Innosensius IV • Aleksander IV • Urbanus IV • Klemens IV • Gregorius X • Innosensius V • Adrianus V • Yohanes XXI • Nikolas III • Martinus IV • Honorius IV • Nikolas IV • Selestinus V • Bonifasius VIII • Benediktus XI • Klemens V • Yohanes XXII • Benediktus XII • Klemens VI • Innosensius VI • Urbanus V • Gregorius XI • Urbanus VI • Bonifasius IX • Innosensius VII • Gregorius XII • Martinus V • Eugenius IV • Nikolas V • Kallistus III • Pius II • Paulus II • Siktus IV • Innosensius VIII • Aleksander VI • Pius III • Julius II • Leo X • Adrianus VI • Klemens VII • Paulus III • Julius III • Marsellus II • Paulus IV • Pius IV • Pius V • Gregorius XIII • Siktus V • Urbanus VII • Gregorius XIV • Innosensius IX • Klemens VIII • Leo XI • Paulus V • Gregorius XV • Urbanus VIII • Innosensius X • Aleksander VII • Klemens IX • Klemens X • Innosensius XI • Aleksander VIII • Innosensius XII • Klemens XI • Innosensius XIII • Benediktus XIII • Klemens XII • Benediktus XIV • Klemens XIII • Klemens XIV • Pius VI • Pius VII • Leo XII • Pius VIII • Gregorius XVI • Pius IX • Leo XIII • Pius X • Benediktus XV • Pius XI • Pius XII • Yohanes XXIII • Paulus VI • Yohanes Paulus I • Yohanes Paulus II • Benediktus XVI
Rasul Yesus Kristus | |
---|---|
Penginjil: Yohanes | Matius | Markus | Lukas Lainnya: Petrus | Andreas | Yakobus | Filipus | Bartolomeus | Tomas Yakobus anak Alfeus | Simon orang Zelot | Yudas Tadeus | Yudas Iskariot |