See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Paus Benediktus IX - Wikipedia

Paus Benediktus IX

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Benediktus IX
Asma wiyosan Theophylactus
Wiwit njabat 1. Oktober 1032
2. April 1045
3. November 1047
Dugi 1. September 1044
2. Mei 1045
3. Juli 1048
Dipundhisiki 1. Yohanes XIX
2. Silvester III
3. Clemens II
Dipunterusaken 1. Silvester III
2. Gregorius VI
3. Damasus II
Miyos ±1012
Roma, Italia
Séda 1055, 1065, utawi 1085
Grottaferrata, Italia
Paus bernama Benediktus sanesipun
Catatan kaki
{{{footnotes}}}

Paus Benediktus IX (Roma, ±1012 – 1055, 1065, atau 1085), miyos kanthi asma Theophylactus, punika, ngasta jabatan Paus Gréja Katulik Roma wiwit taun 1032 dumugi taun 1044, ngasta malih ing taun 1045, lan pungkasanipun wiwit taun 1047 dumugi taun 1048. Panjenenganipun setunggal-setunggaling ingkang ngasta jabatan Paus tigang periode ingkang pedhot-pedhot. Panjenenganipun ugi dados Paus paling anem. Theophylactus punika putra saking Alberic III, Count Tusculum, ugi ponakanipun Paus Benediktus VIII (1012-1024) lan Paus Yohanes XIX (1024-1032). Ramanipun pikantuk kursi Kepausan kanggé piyambakipun lan masrahaken dhumateng putranipun punika ing wulan Oktober 1032.

Miturut Ensiklopedia Katulik[1] lan sumber-sumber sanèsipun, Benediktus IX yuswanipun kirang langkung 18-20 taun nalika minggah dados Paus, éwadéné sapérangan sumber sanèsipun ngeklaim 11 utawi 12 taun. Sapenuhipun mboten cocok ngasta jabatan paus, kadosipun panjenenganipun gesang wonten kondisi kebak kegalauan; sanajan ing perkawis téologi lan aktivitas kagrejawan limrah panjenenganipun sapenuhipun ortodoks. Santo Petrus Damianus nggambaraken panjenenganipun punika "bingah-bingah ing sakinggiling katunasusilan" lan "sétan saking nraka ing wangun imam" ing Liber Gomorrhianus, setunggaling panliten perkawis skandal korupsi lan seks Paus ingkang nudhuh Benediktus IX dhumateng kebiasaan homoseksualitas dan kebinatangannya.

Benediktus IX énggal dipunpeksa medal saking Roma taun 1036, lan mbetahaken panyengkuyung saking Kaisar Konrad II (1024-1039) supados saged dados Paus malih.

Ing wulan September 1044, panjenenganipun dipunpeksa medal malih saking kutha punika lan dipungantosaken déning Paus Silvester III (1045), ingkang kadhang kaanggep dados setunggaling tiyang ingkang Anti-Paus, éwadéné sacara umum abdikasi/pangandhapan tahta Benediktus (ingkang dipungantosaken sapérangan arta) dipunanggep sah.

Benediktus IX salajengipun meksa mlebet malih ing wulan April 1045 lan meksa medal rivalipun. Dumados perdebatan perkawis menapa Silvester sacara sah sarujuk dhumateng abdikasinipun sacara sesidheman. Lan kanthi mekaten mboten cetha sinten Paus ingkang sah salaminipun mangsa kasebat dumugi mangsa Paus Clemens II (ing pundi Silvester sacara nyata nampi pangandhapan tahtanipun). Éwadéné mekaten, mangsa kepausan kekalih Benediktus ugi asring dipunanggep sah.

Benediktus IX salajengipun ngunduraken dhiri ing wulan Mei 1045, kamungkinan ageng amargi badhé palakrama. Panjenenganipun nyadé kantoripun dhumateng setunggaling imam John Gratian, wali baptisipun (kamungkinan reginipun langkung saking 650 kg emas). Gratian lajeng dados Paus Gregorius VI (1045-1046) ing wulan Mei 1045. Éwadéné mekaten, menawi Silvester dèrèng naté sacara resmi ngunduraken dhiri, Benediktus utawi Gregorius sejatosipun sanès Paus ingkang sah salaminipun periode kasebat. Benediktus IX lajeng kadosipun keduwung dhumateng sadéan punika lan nyobi malih ngendhegaken Gregorius VI. Silvester III ugi muncul malih kanggé nglaim hakipun dhumateng tahta kasebat.

Benediktus IX saged ngrebat Roma lan minggah tahta malih dumugi Juli 1046 éwadéné Gregorius VI kadhung dipunakeni dados Paus ingkang sah. Kaisar Romawi Henry III (1039-1056) ngintervensi lan ing Konsili Sutri wulan Desember 1046, Benediktus IX lan Silvester III dipunjabel saking kantoripun lan Gregorius VI dipunanjuraken ngunduraken dhiri ingkang salajengipun dipunturuti déning Gregorius VI. Silvester nampi penjabelan puniki déné Benediktus IX mboten ngrawuhi konsili kasebat. Uskup Jerman Suidger dipunangkat dados Paus Clemens II (1046-1047), ingkang dipuntolak déning Benediktus IX éwadéné parebatan tahtanipun dhumateng Gregorius VI uga mboten kabantahaken.

Sasampunipun Clemens II séda wulan Oktober 1047, Paus Benediktus IX ngrampas Istana Lateran ing wulan November 1047 nanging dipunusir medal wulan Juli 1048. Salaminipun periode puniki panjenenganipun sacara umum dipunakeni dados Paus ing periode kaping tiga kepausanipun.

Ing taun 1048, Poppo saking Brixen pungkasanipun sacara permanen saged meksa panjenenganipun medal lan kepilih dados Paus Damasus II. Benediktus IX nolak muncul kanggé nampi tuduhan ing simoni taun 1049 lan pungkasanipun dipunekskomunikasiaken. Benediktus IX sacara universal dipunanggep sarujuk dhumateng abdikasinipun saking mangsa jabatanipun ingkang kaping tiga, lan Damasus II sacara universal dipunakeni dados Paus ingkang sah.

Pungkasaning gesangipun Benediktus IX mboten saged dipunmangertos sacara cetha. Panjenenganipun mungkin ing pungkasanipun nyerah lan ngunduraken dhiri saking kapausan, séda kirang langkung taun 1065 ing Biara Grottaferrata. Sumber-sumber sanès nelaaken bilih panjenenganipun séda taun 1085. Paus Leo IX (1049-1054) kamungkinan sampun njabel larangan kanggé panjenenganipun. Lapuran sanès nelaaken bilih kamungkinan panjenenganipun tetep nglajengaken pados panyengkuyung kanggé wangsul dhumateng kepausan nanging séda ing wulan Januari 1055 utawi 1056.

[sunting] Mangga ugi pirsani

  • Daftar yuswa para Paus


Pendahulu:
Yohanes XIX
Paus
1032–44
Pengganti:
Silvester III
Pendahulu:
Silvester III
Paus
1045
Pengganti:
Gregorius VI
Pendahulu:
Klemens II
Paus
1047–48
Pengganti:
Damasus II



aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -