Madrid
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Madrid yakuwi ibukutha lan kutha paling gedhé ing Spanyol. Kutha iki dumunung ing aliran Kali Manzanares ing bagéan tengah negara Spanyol. Pedunung ing kutha sing jembaré 607 km² iki kurang luwih ana 3,228 yuta jiwa (Juli 2005), nanging yèn tlatah metropolitané mèlu di itung bisa nganti 5,843 yuta jiwa. Panggonan lan sajarah ndadèkaké Madrid minangka pusat kagiatan finansial lan politik ing Semenanjung Iberia, luwih-luwih sawisé pulih iklim demokrasi ing taun 1975 lan integrasi jroning Uni Eropa.
Walikota Madrid yakuwi Alberto Ruiz-Gallardón. Pedunung Madrid asring uga diarani madrileños.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Senadyan Madrid wis dipanggoni wiwit jaman prasajarah,[1] ing jaman Romawi tlatah iki didarbèni déning diosis Complutum (saiki Alcalá de Henares), nanging data pisanan kutha iki ana ing abad ka-9, nalika Muhammad I mrintahaké mbangun istana cilik ing panggonan kang saiki madeg Palacio Real. Sakubengé istana ciliki iki uga dibangun bèntèng cilik citadel, al-Mudaina. Cedhak istana ugu dibangun [[Manzanares]], déning wong muslim diarani al-Majrīṭ (Arabic: المجريط, "sumber banyu"). Saka tembung iki asalé jeneng panggonan iki Majerit, kang sabanjuré owah é dadi Madrid. Bèntèng iki ing taun 1085 direbut déning Alfonso VI saka Castile jroning serangané menyang Toledo. Dhèwèké nahbisaké masjid kang ana dadi gréja Virgin Almudena (almudin, ing garnisun granary). Ing taun 1329, [[Cortes Generales]] wiwit digawé ing kutha iki kanggo mènèhi pamrayoga marang Alfonso XI saka Castile. Kaum Yahudi Sephardi lan Moors isih tetep urip ing kutha iki nganti diusir ana ing pungkasan abad ka-15.[2] Sawisé karusuhan lan kobongan, Henry III saka Castile (1379–1406) mbangun manèh kutha iki lan bèntèng sajabané témbok kanggo ngamanaké awaké dhéwé ing El Pardo.
[sunting] Pamérangan administratif
Madrid sacara administratif kabagi jroning 21 distrik, kang kabagi manèh jroning 128 distrik utawa wards (barrios):[3]
- Centro: Palacio, Embajadores, Cortes, Justicia, Universidad, Sol.
- Arganzuela: Paseo Imperial, Acacias, Chopera, Legazpi, Delicias, Palos de la Frontera, Atocha.
- Retiro: Pacífico, Adelfas, Estrella, Ibiza, Jerónimos, Niño Jesús.
- Salamanca: Recoletos, Goya, Fuente del Berro, Guindalera, Lista, Castellana.
- Chamartín: El Viso, Prosperidad, Ciudad Jardín, Hispanoamérica, Nueva España, Pza. Castilla.
- Tetuán: Bellas Vistas, Cuatro Caminos, Castillejos, Almenara, Valdeacederas, Berruguete.
- Chamberi: Gaztambide, Arapiles, Trafalgar, Almagro, Vallehermoso, Ríos Rosas.
- Fuencarral-El Pardo: El Pardo, Fuentelarreina, Peñagrande, Barrio del Pilar, La Paz, Valverde, Mirasierra, El Goloso.
- Moncloa-Aravaca: Casa de Campo, Argüelles, Ciudad Universitaria, Valdezarza, Valdemarín, El Plantío, Aravaca.
- Latina: Los Cármenes, Puerta del Ángel, Lucero, Aluche, Las Águilas, Campamento, Cuatro Vientos.
- Carabanchel: Comillas, Opañel, San Isidro, Vista Alegre, Puerta Bonita, Buenavista, Abrantes.
- Usera: Orcasitas, Orcasur, San Fermín, Almendrales, Moscardó, Zofio, Pradolongo.
- Puente de Vallecas: Entrevías, San Diego, Palomeras Bajas, Palomeras Sureste, Portazgo, Numancia.
- Moratalaz: Pavones, Horcajo, Marroquina, Media Legua, Fontarrón, Vinateros.
- Ciudad Lineal: Ventas, Pueblo Nuevo, Quintana, La Concepción, San Pascual, San Juan Bautista, Colina, Atalaya, Costillares.
- Hortaleza: Palomas, Valdefuentes, Canillas, Pinar del Rey, Apóstol Santiago, Piovera.
- Villaverde: San Andrés, San Cristóbal, Butarque, Los Rosales, Los Ángeles (Villaverde).
- Villa de Vallecas: Casco Histórico de Vallecas, Santa Eugenia.
- Vicálvaro: Casco Histórico de Vicálvaro, Ambroz.
- San Blas: Simancas, Hellín, Amposta, Arcos, Rosas, Rejas, Canillejas, Salvador.
- Barajas: Alameda de Osuna, Aeropuerto, Casco Histórico de Barajas, Timón, Corralejos.
[sunting] Wisata
[sunting] Galeri lan Museum
- Paseo del Prado (El Prado Museum)
- Prado Museum,
- Thyssen Bornemisza Museum
- Reina Sofia Museum
- National Archaeological Museum of Spain
- Naval Museum
- Casa-Museo José Padilla *
- Casa-Museo Manuel Benedito *
- Museo de Antropologia Médica *
- Museo De La Farmacia Hispana *
- Museo Del Reloj Grassy *
[sunting] Seni lan Pusat Studi Literatur
- Casa Encendida
- Escuela de Escritores.
- Escuela de Letras.
- Escuela Contemporánea de Humanidades.
- Hotel Kafka.
- I|Art.
- TAI, Escuela de Artes y Espectáculos.
- Talleres de escritura creativa y Ediciones Fuentetaja.
[sunting] Musik Klasik lan Opera
- Spanish National Orchestra. Saben dina Jumat, Sabtu lan Minggu main ing Auditorio acional de Musica.
- RTVE Symphony Orchestra. Saben dina Kemis lan Jumat main ing Teatro Monumental.
- Teatro Real minangka pusat Opera House.
- Teatro de la Zarzuela utamané kanggo nggelar Zarzuela lan Operetta.
[sunting] Wisata Kutha
- Plaza Mayor
- Gran Via
- Descalzas Reales
- Casón del Buen Retiro
- Palacio Real
- Templo de Debod
- El Rastro
- Puerta del Sol
- Parque del Buen Retiro
- Las Ventas
- Torre España
- Faro de Moncloa
- Puerta de Europa
- Puerta de Alcalá
- Glorieta de Bilbao
- Estadio Santiago Bernabéu
- Estadio Vicente Calderón
- Parque de Atracciones de Madrid
- Plaza de Cibeles
- Palacio De Liria
- Teatro Real
- Auditorio Nacional de Musica
- Teatro Monumental
- Teatro de la Zarzuela
- Centro Cultural de la Villa
- Teatro de la Abadía
- Círculo de Bellas Artes
- Teatro Español
- Teatro de la Comedia
- Café Central
[sunting] Atraksi Matador
- Plaza de Toros ing Las Ventas
[sunting] Transportasi
Bandara Internasional Barajas yakuwi bandara kang ana ing Madrid, minangka pusaté Iberia Airlines. Bandara mau dadi pintu gerbang utama menyang Semenanjung Iberoa saka Eropa, Amerika, lan belahan donya liyané kanthi arus penumpang cacahé 40 yuta setaun. Amarga tuwuhé kagiatan kang cepet, terminal kang dadi terminal bandara paling gedhé ing Eropa kuwi wis ditambahi rong landas pacu manèh.
Stasiun kereta api utama ing Madrid yakuwi Atocha lan Chamartin. Fokus utama pembangunan infrastruktur ing Spanyol yakuwi sawijining jaringan rel kecepatan tinggi, Alta Velocidad Española (AVE) kanthi tujuan supaya kutha-kutha penting sing adoh maksimal mung patang jam saka Madrid lan 6 jam saka Barcelona. Kutha-kutha kang kagandhèng nganggo sepur saka stasiun Atocha jroning jaringan iki antara liya Seville, Toledo, Zaragoza, lan Lleida. Barcelona lan Malaga bakal kagandhèng ing taun 2007.
Madrid uga nduwèni jaringan kereta bawah tanah, Madrid Metro kang mujudaké salah sawijining jaringan kang paling amba ing donya.
[sunting] Referensi
Cithakan:Reference/
[sunting] Uga Pirsani
- Real Madrid
- Daftar Ibukutha
[sunting] Pranala Jaba
Pirsani pandhuan wisata Madrid ing Wikitravel
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |
Wilayah otonomi Spanyol (comunidades autónomas) | |
---|---|
|