Lemud
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Lemud |
|||||||||||||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Lemud Culex quinquefasciatus
|
|||||||||||||||||||||||||
Klasifikasi èlmiah | |||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||
41 genus | |||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||
Pirsani teks. |
Lemud utawa nyamuk iku akèh arané ing tlatah Jawa. Ana sing ngarani jingklong, lan ana sing ngarani lamuk. Nyamuk kalebu cacahing srangga, utawa Dipteria.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Jinis lemud
Jinis-jinising lemud sing wis dikenal manungsa yaiku :
- Anopheles
- Culex
- Aedes
- Psorophora
- Ochlerotatus lan sapanunggalané.
Jinising lemud sejatiné ana 2700, saka 35 genusé, lan lemud wis ana ing donya kira-kira 170 yuta taun. Ing Indonésia, lan tlatah Jawa, sing diweruhi ana 3 rupa, yaiku Anopheles utawa Lemud Malaria, Culex utawa Lemud biasa, lan Aedes utawa lemud demam berdarah.
[sunting] Ciri-ciri
Ciri-ciriné lemud yaiku : nduwé suwiwi sing arupa jaring, awaké cilik menik-menik, lan dawané akèh-akèhé 15 milimeter utawa luwih. Aboté lemud iku kira-kira 2 nganti 2,5 miligram lan isa mabur 1,5 nganti 2,5 km/ jam.
[sunting] Pangané lemud
Sing nyesep getih iku mung lemud babon, yèn lemud lanang ora nyesep getih, nanging nyesep sari tetanduran utawa woh-wohan. Lemud babon ndhuwèni moncong dawa sing diarani proboscis kanggo norèh kulit kurbané lan nyesep getihé. Isa kéwan-kéwan mamalia, utawa kéwan melata, lan manuk uga manungsa. Lemud babon nyesep getih iku kanggo kalangsunganing urip endhogé. Yèn ing pakanan biasané, kaya sari woh utawa tetanduran ora ana protein sing dibutuhaké kanggo endhog, dadi lemud babon kudu nyesep getih kanggo nerusaké silsilahé.
Akèh-akèhé lemud babon pada nyesep getih, nanging ana sajinis sing ndilalah ora nyesep getih babar pisan. Yaiku lemud jinis Toxorynchites.
[sunting] Habitat
Lemud biasané urip mung rong minggu utawa kurang yèn hawané cocok saka anakan nganti dadi lemud. Biasané lemud ndèlèh endhogé ing panggonan-panggonan sing banyuné ora ngalir, kayata got, bak adus, sendhang, alas bako, utawa panggonan banyu liyané. Lemud aedes biasané malah ndokok endhogé ana ing banyu sing resik tur bening nanging ora ngalir.
[sunting] Panyakit
Lemud akèh nularaké rupa-rupa panyakit kaya : Malaria, Tapak Gajah utawa Demam Berdarah. Pramila iku akèh cara digawé kanggo ngilangaké lemud saka panguripaning manungsa, nganggo obat nyamuk, utawa ngresiki saindhenging papan panggonan dhéwé-dhéwé.
[sunting] Obat lemud
Obat nyamuk ya ana macemé, sing diobong, disemprotaké utawa nganggo listrik. Lan bahan aktif sing digawé kanggo ngracik obat lemud iku kayata : DEET, lenga ekaliptus, lenga piretrum, sitronela lan sapanunggalané.
[sunting] Pranala njaba
- Lemud at the Open Directory Project
- Mosquito Pest Control Information - National Pesticide Information Center
- West Nile Virus Resource Guide - National Pesticide Information Center
- Mosquitoes of Wisconsin
- Biological Database for Anopheline Mosquitoes
- Database for Disease Vectors
- Inland Floodwater mosquito Aedes vexans diagnostic photographs and taxonomy
- Mosquitoes and mosquito repellents: a clinician’s guidePDF (151 KiB)
- University of Florida Public Health Pesticide Applicator Training Manual - Chapter on Mosquitoes
- Vertical Flight Capabilities of Mosquitoes
- Mosquito Genomics WWW Server
- Mosquitoes - Micscape September 2003
- Mosquito Species of the British IslesPDF (31.9 KiB)
- CDC Division of Vector-Borne Infectious Diseases - Information on West Nile virus as well as other mosquito- and tick- bourne diseases.
- Florida Medical Entomology Laboratory - A mosquito identification key, along with other helpful information.
- Mosquito photographs from NSW (New South Wales, Australia) Arbovirus Surveillance
- Walter Reed Biosystematics Unit. - Links to the online mosquito catalog, keys for mosquito identification, images and information on medically important species and much more.
- Repellents, Traps, Virus Information, Maps, etc Florida and National information