Greenland
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
Basa resmi | Kalaallisut, Denmark | ||||
Ibu kutha | Nuuk | ||||
Ratu | Margrethe II | ||||
Perdana Menteri | Hans Enoksen | ||||
Wilayah - Total - % air |
2.166.086 km² 81,1% |
||||
Pedunung - perk. 2006 - Kapadhetan |
56.969 0,025/km² |
||||
Mata uang | Krone | ||||
Zona wektu | UTC 0 hingga -4 | ||||
Lagu kabangsan | Nunarput utoqqarsuanngoravit, Nuna asiilasooq |
||||
TLD | .gl | ||||
Kode telepon | +299 | ||||
Greenland jroning basa Inggris utawa Lemah Ijo (resmi: Kalaallit Nunaat, basa Denmark: Grønland) kuwi sawijining pulo ing Samudra Atlantik bagéyan lor ing arah wétan-lor Kanada. Jembar wilayahé 2.166.086 km² lan minangka pulo paling gedhé ing donya. Pulo iki klebu wilayah Krajan Denmark. Wiwit taun 1979, Lemah Ijo dadi mandhiri lan wiwit taun 1985 ora klebu Uni Eropah manèh. Nanging Ratu Denmark isih tetep minangka Kepala negara. Ibu kutha Lemah Ijo yakuwi Nuuk.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geografi
Lemah Ijo sacara geografis minanka bagéyan saka Amérika Lor. 80% saka kabèh wilayah katutup ès kang ing sawetara panggonan kandelé nganti 3 kilometer. Mung dhaerah pesisir kidul lan kulon kang bisa dipanggoni manungsa.
[sunting] Sajarah
- Abad ka-8 Masehi – Wong-wong Inuit teka ing Lemah Ijo.
- 981 – Sang Erik Merah mendharat ing Lemah Ijo saka Islandia.
- 987 – Para imigran Skandinavia wiwit manggon.
- +/- 1000 – Leif Erikson nggawa agama Kristen.
- 1261 – Lemah Ijo ing ngisor kakuasan Norwegia.
- 1397 – Lemah Ijo dadi dhaerah Denmark.
- 1500 – 1600 – Koloni Viking wiwit ilang.
- 1721 – Kolonisasi manèh déning Denmark.
- 1951 – Perjanjian Pertahanan bebarengan Lemah Ijo karo Denmark–Amérika Sarékat.
- 1953 - Lemah Ijo olèh otonomi sebagéyan (terbatas) jroning Krajan Denmark.
- 1979 - Lemah Ijo olèh otonomi penuh jroning Krajan Denmark.
- 1982 - Lemah Ijo kanthi referendum mutusaké metu saka Uni Eropah.
- 1985 - Tanah Hijau keluar dari Uni Eropa.
- 2002 - Partai pro-kamardhikan, Siumut, éntuk swara paling akèh jroning pemilu parlemen.
- 2005 - Partai Inuit Brotherhood péngén nganakaké referendum kanggo nentokaké kamarddikan Lemah Ijo.
[sunting] Ekonomi
Ekonomi Lemah Ijo gumantung marang kasil segara, wedhus lan tambang. Produk sektor tambang antara liya: kriolit, kwarts, tembaga, seng lan besi.
[sunting] Demografi
Penduduk pribumi yakuwi wong Inuit utawa Eskimo. Sawetara ana uga wong Denmark lan campuran antara wong Inuit lan Denmark kang diarani “Wong Lemah Ijo”. Ing Thule ana markas militer Amérika Sarékat. Pedunung Lemah Ijo cacahé 58.000 lan dumadi saka wong Lemah Ijo 80% lan wong Denmark 14,5%. Basa Lemah Ijo klebu jinis basa Inuit. Bebarengan karo basa Denmark, basa Inuit minangka basa resmi.
Agama paling wigati yakuwi Kristen Protestan Luther kayadéné ing Denmark.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala jaba
Pirsani pandhuan wisata Greenland ing Wikitravel
- (en) Situs resmi
- (en) "Greenland voters root for independence", BBC News
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |
Negara-negara ing Amérika Lèr |
---|
Amérika Sarékat | Antigua lan Barbuda | Bahama | Barbados | Belize | Dominika | Republik Dominika | El Salvador | Grenada | Guatemala | Haiti | Honduras | Jamaika | Kanada | Kosta Rika | Kuba | Meksiko | Nikaragua | Panama | Saint Kitts lan Nevis | Saint Lucia | Saint Vincent lan Grenadines | Trinidad lan Tobago |
Dependensi: Anguilla | Antillen Walanda | Aruba | Bermuda | Kepuloan Cayman | Greenland | Guadeloupe | Martinique | Montserrat | Pulo Navassa | Puerto Riko | Saint-Pierre lan Miquelon | Kepulauan Turks lan Caicos | Kepulauan Virgin Amerika Serikat | Kepulauan Virgin Britania Raya |