Asu
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Segawon |
|||||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Asu nyokot kayu
|
|||||||||||||||||
Klasifikasi èlmiah | |||||||||||||||||
|
Asu utawa ing basa krama diarani segawon, kalebu bangsaning karnivora, lan keluwarganing mamalia, canidae. Keluwarga Canidae iki sak liyané asu, uga kalebu sregala, ajag, lan rubah. Sing jenengen asu iki, sing dadi ingon-ingonaning manungsa.
Anak asu arané kirik.
[sunting] Jinis lan gunaning asu
Asu iku akèh banget jinisé, uga gunané, soalé asu karo manungsa wis wiwit zaman kalabendu dadi kekancan. Gunané asu kayata:
- Dadi asu jaga, asu jenggong jenggong(bisa jaga omah, jaga pabrik, jaga toko, utawa jaga rajakaya)
- Kanca mbedhil
- Pinulungé wong wuta
- Dadi asu lacak, lan
- Klangenan
- Nyokoti maling(nyokoti wong sing seneng nggondol utawa nyolong duwité wong liya)
- Dolanan bocah
Ing tlatah Cina, asu uga didadèkaké sumber pangan. Diternakaké lan dibelèh. Biasané kanggo masakan Kanton lan jaré kepercayaning wong Cina, daging asu isa nguwataké awak.
Ukurané asu uga warna-warna, ana sing gedhé, lan ana sing cilik, nganti bisa digawa menyang ngendi-endi. Jinising asu gedhé iku kayata:
- Asu Collie
- Asu Herder
- Asu Dalmatian
- Asu Doberman
- Asu St Bernard
- Asu Samoyed
Saliyané iku ana asu cilik utawa asu kikik sing ing basa Inggris diarani Toy dog.
- Asu Pomerania
- Asu Peking
- Asu Malta
- Asu Chihuahua
- Asu Chow Chow
[sunting] Jinising asu ing Indonésia
Sejatiné Indonésia uga nduwé jinis asu sing ora ana ing panggonan liyané. Contoné:
- Asu Tengger
- Asu Kintamani