Zoetermeer
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
Katrangan cekak | |||||
---|---|---|---|---|---|
Provinsi: | Zuid-Holland | ||||
Jembar: | 37,06 km² | ||||
Pedunung: | 119.191 jiwa (1 November 2007) | ||||
Situs wèb resmi: | http://www.zoetermeer.nl | ||||
Pulitik | |||||
Walikutha: | Jan Waaijer (partai CDA) |
Zoetermeer iku sawijining gemeente ing provinsi Zuid-Holland (Holland Kidul), Walanda. Zoetermeer iku jatiné kutha satelit Den Haag lan persis awatesan karo kutha iki ing sisih kulon. Zoetermeer ambané 37,06 km² lan pedunungé ana 119.191 ing 1 November 2007.
[sunting] Étimologi
Jeneng Zoetermeer iku ing basa Walanda tegesé "Tlaga Tawar" utawa "Tlaga Legi". Déning wong Zoetermeer dhéwé jeneng kutha iki kerep dipertal dadi Sweet Lake City ing basa Inggris adhedhasar Salt Lake City ing Nevada, Amérika Sarékat. Nanging jeneng iki dudu jeneng resmi.
[sunting] Sajarah
Miturut panlitèn arkéologis, Zoetermeer ing dalan Dorpstraat (ing kutha tuwa) wis dimanggoni wong ing abad kaping 13. Sawijining balok kayu sing ditemokaké ing awal abad kaping 21 tibakné umuré wis kurang luwih 1000 taun.