Leidschendam-Voorburg
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
Katrangan cekak | |||||
---|---|---|---|---|---|
Provinsi: | Zuid-Holland | ||||
Jembar: | 35,68 km² | ||||
Pedunung: | 73.004 (1 Desember 2006) | ||||
Situs wèb resmi: | http://www.Leidschendam-Voorburg.nl | ||||
Pulitik | |||||
Burgemeester (Walikutha): | J.W. van der Sluijs |
Leidschendam-Voorburg iku sawijining gemeente ing provinsi Zuid-Holland utawa Holland Kidul, Walanda. Gemeente iki sawijining kutha satelit Den Haag. Sadurungé taun 2002, Leidschendam-Voorburg iku minangka gemeente mardika Leidschendam lan Voorburg. Nanging loro-loroné manunggal amerga wedi yèn dicaplok Den Haag. Wusanané sawetara wewengkon Leidschendam sida dicaplok Den Haag.
[sunting] Latar wuri
Provinsi Holland Kidul sing papané ana ing kuloné Walanda iku salah sijining saka 12 provinsi Walanda lan sing cacahé pedunungé gedhé dhéwé. Provinsi iki ing taun 2008 dipérang dadi 86 gemeente. Ing Walanda gemeente iku pérangan administratif sangisoring provinsi. Dadi provinsi iku antara negara lan gemeente.
Jaman mbiyèn kabèh panggonan iku uga gemeente ing Walanda. Saka désa cilik nganti ibu kutha. Nanging saiki wis ora mengkono manèh. Akèh panggonan sing digabung dadi siji supaya olèh gemeente sing ukurané sedheng.
[sunting] Pranala jaba
- (nl) Situs wèb resmi