Dordrecht (Walanda)
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
Katrangan cekak | |||||
---|---|---|---|---|---|
Provinsi: | Zuid-Holland | ||||
Jembar: | 99,45 km² | ||||
Pedunung: | 118.296 (1 November 2007) | ||||
Situs wèb resmi: | http://www.dordrecht.nl | ||||
Pulitik | |||||
Burgemeester (Walikutha): | Ronald Bandell |
Dordrecht iku sawijining gemeente ing provinsi Zuid-Holland utawa Holland Kidul, Walanda. Jaman mbiyèn Dordrecht iku salah siji kutha Walanda sing wigati dhéwé. Saiki Dordrecht kutha sing gedhé nomor 4 ing provinsi Holland Kidul. Dordrecht iku papané ana ing sawijining pulo sing diarani Pulo Dordrecht. Wiwit taun 1970, kabèh pulo iki dadi wewengkoné gemeente Dordrecht.
[sunting] Latar wuri
Provinsi Holland Kidul sing papané ana ing kuloné Walanda iku salah sijining saka 12 provinsi Walanda lan sing cacahé pedunungé gedhé dhéwé. Provinsi iki ing taun 2008 dipérang dadi 86 gemeente. Ing Walanda gemeente iku pérangan administratif sangisoring provinsi. Dadi provinsi iku antara negara lan gemeente.
Jaman mbiyèn kabèh panggonan iku uga gemeente ing Walanda. Saka désa cilik nganti ibu kutha. Nanging saiki wis ora mengkono manèh. Akèh panggonan sing digabung dadi siji supaya olèh gemeente sing ukurané sedheng.
[sunting] Pranala jaba
- (nl) Situs wèb resmi