Binnenmaas
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
Katrangan cekak | |||||
---|---|---|---|---|---|
Provinsi: | Zuid-Holland | ||||
Jembar: | 54,91 km² | ||||
Pedunung: | 28.782 (1 November 2007) | ||||
Situs wèb resmi: | http://www.Binnenmaas.nl | ||||
Pulitik | |||||
Burgemeester (Walikutha): | mr. drs. A.J. Borgdorff |
Binnenmaas iku sawijining gemeente ing provinsi Zuid-Holland utawa Holland Kidul, Walanda.
[sunting] Latar wuri
Provinsi Holland Kidul sing papané ana ing kuloné Walanda iku salah sijining saka 12 provinsi Walanda lan sing cacahé pedunungé gedhé dhéwé. Provinsi iki ing taun 2008 dipérang dadi 86 gemeente. Ing Walanda gemeente iku pérangan administratif sangisoring provinsi. Dadi provinsi iku antara negara lan gemeente.
Jaman mbiyèn kabèh panggonan iku uga gemeente ing Walanda. Saka désa cilik nganti ibu kutha. Nanging saiki wis ora mengkono manèh. Akèh panggonan sing digabung dadi siji supaya olèh gemeente sing ukurané sedheng.
[sunting] Étimologi
Jeneng Binnenmaas iki sing tegesé harafiah "Kali Maas Jero" ngrujuk ing sawijining tlaga sing digawé mawa mbendhung Kali Maas.
[sunting] Pranala jaba
- (nl) Situs wèb resmi