London
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
London punika ibu kitha Inggris lan Britania Raya. Kutha ingkang kabangun déning tiyang Romawi ing mangsa rumiyin lan riyin kasebut Londinium punika ing 1 Januari 2005 pedunungipun kirang langkung 7,4 yuta jiwa ing dhaérah London Raya lan mayuta-yuta jiwa malih ing dhaérah métropolitanipun.
Pedunung London kapérang saking macem-macem etnik, budaya, lan agama, sarta guneman mawi méh 300 basa, ingkang ndadosaken kutha paling kosmopolitan lan dinamis ing donya. Pedunung London biasa nyebut piyambakipun Londoner.
London ugi dados basis samudaya organisasi, institusi lan perusahaan ingkang nggadhahi pengaruh ing donya. London ugi arupi campuran antara tradisi lan teknologi, sarta salah setunggal tujuan wisata utami.
London kalebet salah setunggaling kutha ageng ing donya sami kaliyan New York, Paris, lan Tokyo. London ugi sanget berkembang wonten ing samudaya bidhang kados finansial, komunikasi, lan seni. London ugi ndarbèni kathah kastil, museum, teater, gedhung konsér, galèri, bandara, stadion olah raga, lan istana.
Ing 6 Juli 2005, London kasil angsal hak nyelenggaraaken Olimpiade 2012. Sadèrèngipun, London ugi naté nyelenggaraaken Olimpiade 1908 lan Olimpiade 1948.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geografi
London Raya ngliputi dhaérah ingkang wiyaripun 609 mil persegi utawi 1.579 km². Awalipun, London dipundegaken ing dhaérah lèr Kali Thames kanthi setunggal jembatan, London Bridge. Ing abad kaping 18 ing wekdal kathah jembatan dipunbangun, London wiwit berkembang tumuju sedaya arah.
[sunting] Sejarah
Artikel Utama: Sejarah London
Nami London dipunkinten asalipun saking Londinium ing basa Latin. Kutha ingkang dipundegaken tiyang Romawi punika dados ibu kutha kanggé propinsi Brittania ing mangsa kekuasaan Romawi ing Inggris.
Sasampunipun Kekaisaran Romawi dhawah, kutha punika dipuntinggalaken lan ing abad kaping 7, kutha Saxon ngadeg kirang langkung 1 mil ing kilèn Aldwych modhérn kanthi nami Lundenwic. Kutha London Romawi dipunpanggèni malih kirang langkung abad kaping 9 lan abad kaping10.
Wonten ing perkembanganipun, Westminster ingkang sadèrèngipun setunggal kutha piyambak, berkembang sesarengan kaliyan London lan dados kutha paling ageng ing Inggris éwadéné dèrèng dados ibukutha. Ibukutha Inggris dumugi kirang langkung abad kaping 12 inggih punika Winchester.
[sunting] Transportasi
[sunting] Transportasi Dharat
[sunting] Rel
London Underground inggih punika jaringan sepur bawah tanah ingkang paling tua ing donya lan mungkin ugi paling sibuk kanthi 3 yuta panganggé saben dinten. Nanging, ing tembé wingking wiwit katon panurunan layanan kados kepadhetan lan telatipun sepur amargi kirang invéstasi.
Layanan sepur tumuju dharatan Eropa dipunlayani liwat Channel Tunnel ingkang nyebrang Selat Dover.
[sunting] Transportasi Udara
London dipunlayani déning kirang langkung 6 bandhara kanthi 3 ing wates London Raya lan 3 ing njawi. Ingkang paling ageng inggih punika Heathrow ingkang dados bandhara utami lan setunggaling hub panerbangan ingkang wigati. Amargi posisinipun ing lebet wates London Raya, proyék pawiyaranipun tansah angsal perlawanan. Éwadéné semanten, Terminal 5 ingkang saweg dipunbangun badhé kabikak ing taun 2008.
Bandara internasional London sanèsipun inggih punika Gatwick lan Stansted ingkang saben taun nglayani 30 yuta lan 20 yuta penumpang. Tigang bandara sanèsipun inggih punika Biggin Hill, London City Airport lan Bandara Luton London.
[sunting] Transportasi Banyu
Kali Thames saget dipunliwati kapal ingkang melaut ngantos sekitar London Bridge lan déning kapal-kapal alit ngantos medal wates London Raya. Awalipun, transportasi banyu punika salah setunggaling transportasi utami ing London nanging sapunika lalu lintas banyu namung dipungunaaken kanggé wisata.
London ugi nggadahi jaringan kanal, kalebet Kanal Regent's ingkang ngubungaken Thames tumuju Grand Union Canal.
[sunting] Pariwisata
Artikel Utama: Pariwisata ing London
London terkenal dados salah setunggaling tujuan wisata favorit ing donya kanthi macem-macem atraksi inggih ingkang asalipun saking mangsa rumiyin utawi ingkang langkung modhérn. Sapérangan obyek wisata ingkang terkenal inggih punika
- Buckingham Palace
- Downing Street nomor 10, 11, dan 12
- Hyde Park
- London Eye
- Madame Tussaud's
- Millennium Dome
- Palace of Westminster dan Big Ben
- Piccadilly Circus
- Royal Greenwich Observatory dan Meridian Greenwich
- St. James Park
- Tower Bridge
- Tower of London
- Trafalgar Square dan Nelson's Column
- Westminster Abbey
[sunting] Pambagéyan administratif
|
|
[sunting] Klub-klub Olahraga
- Arsenal (Liga Utama Inggris)
- West Ham (Liga Utama Inggris)
- Fulham (Liga Utama Inggris)
- Tottenham Hotpurs (Liga Utama Inggris)
- Chelsea (Liga Utama Inggris)
- Charlton Athletic (Liga Utama Inggris)
[sunting] Mangga ugi pirsani
Pirsani pandhuan wisata London ing Wikitravel
Wikiquote basa Inggris gadhah kolèksi kutipan ingkang wonten gandhènganipun kaliyan London
- (en) Situs resmi
- (en) London