See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Jan Mayen - Wikipedia

Jan Mayen

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Peta Pulo Jan Mayen
Peta Pulo Jan Mayen

Pulo Jan Mayen minangka bagéyan saka Norwegia kang dumunung ing antara Lemah Ijo lan Norwegia Dharatan. Kanthi jembar wilayah udakara 373 km², sebagéyan tlatah pulo vulkanik iki arupa pegunungan kang dislimuti déning gletser. Titik paling djuwur ana ing Gunung Beerenberg (2.277 m). Tlatah genting misahaké pulo iki dadi rong bagéyan.

Pulo Jan Mayen ora ndarbèni sumber daya alam kang bisa dieksploitasi. Kagiatan ekonomi mung wates layanan kanggo para pekerja stasiun meteorologi lan radhio Norwegia ing pulo iku. Kanthi garis pantè dawané 124,1 km, pulo iki mung ndarbèni pelabuhan lepas pantè (offshore anchorages).

Wiwit taun 1995, Jan Mayen dipimpin déning gubernur kabupatèn (fylkesmann) Nordland; nanging saetara pejabat wis diutus dadi komandan stasiun Layanan Komunikasi Pertahanan Norwegia.

Henry Hudson nemokaké pulo iki taun 1607 lan njenengaké Tutches Hudson utawa Touches. Sawisé kuwi, sawetara ahli pelayaran uga ngeklaim wis nemokaké lan ngowahi jeneng pulo iku. Taun 1611, sawetara nelayan penangkap ikan paus saka Hull njenengaké Pulo Trinitas; taun 1612 warga Perancis Jean Vrolicq njenengaké Ile de Richelieu; lan taun 1614 Joris Carolus mènèhi jeneng salah siji tanjung Jan Meys Hoeck, kang dijupuk saka jeneng kapten kapalé. Jeneng "Jan Mayen" dhéwé dijupuk saka jeneng kang diwènèhké déning Carolus. Déné panemon taun 1611 kang diklaim déning Jan Mayen saka Walanda ora ndarbèni bukti kang kuwat.

Pulau Jan Mayen dipanggoni déning personel kang ngoperasèkaké pangkalan Navigasi Jarak Jauh (Loran-C) kanthi 14 staf lan stasiun layanan cuaca kanthi 4 staf. Ora ana warga pribumi ing pulo iku.

[sunting] Pranala jaba



Negara-negara ing Eropah
Albania | Andorra | Armenia2 | Austria | Azerbaijan1 | Belarus | Belgia | Bosnia-Herzegovina | Britania Raya | Bulgaria | Ceko | Denmark | Estonia | Finlandia | Georgia1 | Hongaria | Irlandia | Islandia | Italia | Jerman | Kazakhstan1 | Kosovo | Kroasia | Latvia | Liechtenstein | Lituania | Luksemburg | Malta | Moldavia | Monako | Montenegro | Norwegia | Prancis | Polandia | Portugal | Republik Makedonia | Rumania | Rusia1 | San Marino | Serbia | Siprus2 | Slovenia | Slowakia | Spanyol | Swedia | Swiss | Turki1 | Ukraina | Vatikan | Walanda | Yunani
Jajahan lan liyané: Akrotiri lan Dhekelia | Kapuloan Faroe | Gibraltar | Guernsey | Jan Mayen | Jersey | Pulo Man | Svalbard
Negara sing ora diakoni: Abkhazia | Nagorno Karabakh | Ossetia Kidul | Siprus Lor | Transnistria
1 Sabagéan ing Asia. 2 Ing Asia kabèh wilayahé nanging kalebu Eropah amerga alesan sejarah.



aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -