Alexander Agung
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Alexander Agung (utawi Alexander Agung utawi Iskandar Agung utawi Iskandar Dzulqarnain / Makutha Sungu Kalih) (basa Yunani: Μέγας Ἀλέξανδρος ("Megas Alexandros"), basa Inggris: Alexander the Great) punika satunggiling penakluk asal Makedonia. Alexander dipun lairaken dhateng mrika nalika taun 356 SM. Bapakipun inggih punika Raja Filipus II, raja Makedonia, ingkang ngintun Alexander dhateng satunggiling filsuf misuwur saking Yunani, inggih punika Aristoteles ingkang ngajaraken ngèlmu logika filsafat Yunani. Raja Filipus II séda nalika Alexander taksih yuswa 20 taun lan Alexander lajeng nggantosaken pun bapa wonten ing taun 336 SM. Kalih taun salajengipun Alexander nyerang Persia lan ngawonaken Raja Persia Darius III ing taun 333 SM, lajeng miyaraken ekspansinipun dhateng Suriah lan Irak, lajeng dhateng India, ananging mboten siyos amargi para prajuritipun sampun sayah sanget.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Ing wekdal kirang langkung 10 taun, Alex sampun nguasani sebagéan ageng negari-negari ageng ing wekdal punika, lajeng wangsul dhateng Yunani. Ing margi, Alex mampir wonten ing Babilonia, kanggé istirahat, nanging lajeng gerah katisen selami 11 hari lan saljengipun séda taun 323 SM, wekdal yuswanipun dèrèng ngantos 33 taun. mBoten cetha panyebab sédanipun. Sapérangan wonten ingkang nginten yèn panjenenganipun séda saksampunipun gerah malaria saking cakotan lemut nalika badhé naklukaken India. Wonten ugi ingkang nginten bilih sedanipun amargi penyakit sanes sepertos acute pancreatitis utawi penyakit sanes ingkang dipun sebabaken dening virus West Nile virus. Sementawis versi ingkang pungkasan nginten yèn panjenenganipun dipun perjaya nganggé racun ing antawisipun kasebat racun hellebore utawi racun strychnine, ingkang dipun lebetaken dumatheng minuman anggur déning pembantunipun. Versi kaping kalih punika mèmper kaliyan sédanipun Napoleon Bonaparte.
Senajan namung mrèntah selami 14 taun, salebeting masa kepemimpinan Alexander saged mbangun satunggiling kekaisaran ingkang langkung ageng tinimbang sedaya kekaisaran ingkang naté wonten. Dumugi wekdal panjenenganipun séda, tlatah ingkang dipun andahi sampun tikel kaping sèketipun tlatah ingkang dipun warisaken dhumateng piyambakipun. Satunggiling prestasi ingkang ngédap-édapi (kinten-kinten, mboten ngantos langkung saking enem Kaisar ingkang sanggem nyaingi pretsasi punika).
Amargi penaklukan lan ekspansinipun punika wau, Alexander Agung ugi nyebaraken kabudhayan hellenis ingkang awujud perpaduan kabudhayan Yunani kuno, Laut Tengah, Mesir, lan Persia. Pengaruh Hellenisme punika malah dugi India lan Tiongkok. Khusus wonten ing Tiongkok, pengaruh kabudhayan punika saged dipun telusuri antawisipun kanthi wontenipun artefak ingkang dipun temokaken wonten ing Tunhuang.
Sakdèrèngipun séda, panjenenganipun ugi mbangun kitha Alexandria ing negari Mesir, kanthi kapustakan ingkang komplit lan dipun bikak ngantos sèwu taun dangunipun, lan salajengipu dados pusat pasinaonan paling hébat ing donya.
[sunting] Gelar Agung
Gelar The Great utawi Agung dipun paringaken déning masyarakat donya wekdal punika amargi kamasyhuran kraton ingkang panjenenganipun pimpin lan wiyar wilayah jajahanipun senajan yuswanipun taksih enèm sanget. Panjenenganipun ugi dipun percanten minangka Raja kaping sepindhah ingkang naté nguwaosi tigang bawana (Eropa, Afrika, dan Asia), ingkang wekdal punika sampun kepétang luar biasa utawi ngédap-édapi, amargi bawana Amerika lan Australia nalika semanten dèrèng dipun temokaken.
Sajarah Alexander Agung saged dipun temokaken ugi wonten ing kitab suci Al Qur'an, Surah Al Kahfi 83-101, kanthi sebatan Dhulqarnain (Raja ingkang nganggé makutha sungu kalih).
[sunting] Ugi Pirsani
[sunting] Pranala Jawi
- (en) Daftar referensi sumber pertama mengenai Alexander di livius.org
- (en) Artikel, forum diskusi, dan informasi referensi mengenai Alexander
- (en) Lysimachos.com - Artikel mengenai Alexander
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Galeri