Martin Luther
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Martin Luther (1483 – 1546) , punika satunggiling filsuf ugi pastur saking Wittenberg, Sachsen, Jerman ingkang gadhah kersa ngréformasi gréja Kristen. Nanging wusananipun, mboten réformasi ingkang dipunangsali, piyambakipun lajeng pecah saking gréja utami. Punika ugi kasebat skhisma alit saha wiyosanipun Gréja Protestan.
Martin Luther misuwur déning 95 dalil-dalilipun. Miturut tradhisi piyambakipun maku dluncang ingkang isi 95 dalil-dalilipun punika ing lawang Gréja ing Wittenberg. Nanging katingalipun punika namung legèndha kémawon. Isining dalil-dalilipun inggih wicanten bab réformasi ing agami Kristen kala samanten.
Piyambakipun ugi mertalaken Alkitab ing basa Jerman (1521-1534).
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.