Situs Warisan Donya
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Situs Warisan Donya UNESCO kuwi arupa situs-situs spesifik (kayadéné alas, gunung, tlaga, segara wedhi, monumèn, bangunan, komplèks, utawa kutha) kang wis dinominasèkaké lan disarujuki kanggo dilebokaké jroning daftar kang direksa déning Program Warisan Donya Internasional kang digulawenthah déning Komité Warisan Donya UNESCO, kang dumadi saka 21 negara anggota, kang dipilih déning Majelis Umum Negara-negara Anggota kanggo mangsa jabatan tinamtu.[1] Tujuan program yakuwi gawé katalog, milih, lan ngreksa situs-situs warisan budaya kang kawentar (outstanding) utawa warisan alam kang wigati minangka warisan kanggo kamanungsan. Kanthi kondisi tartamtu, situs-situs kang wis kadaftar bisa olèh dana saka "Dana Warisan Donya". Program iki diadegagaké bareng karo anané Konvènsi bab pangreksan budaya donya lan warisan alam, kang disahké déning Konferènsi Umum UNESCO ing 16 November 1972. Wiwit kuwi, 184 (data Juli 2007) negara-negara anggota wis ngratifikasi konvènsi kasebut.
Nalika taun 2007, ana 851 situs kang wis kadaftar: 660 situs budaya, 166 situs alam, lan 25 campuran, dumunung ing 142 negara anggota. UNESCO nyathet saben situs kanthi nomer idhentifikasi kang béda siji lan sijiné; nanging usulan anyar sering klebu situskang wis mlebu sadurungé, banjur didaftar minangka bagéan panjelasan kang luwih gedhé. Akibaté, sistem penomeran nganti luwih saka 1200, senajan luwih sethithik ana ing daftar kang sabeneré.
Saben situs warisan donya kuwi tetep darbèké negara miturut dunungé, nanging dianggep dadi kapentingan masyarakat internasional kanggo ngreksa situs mau kanggo generasi kang bakal teka. Protèksi lan konsèrvasi situs-situs iki dadi kawigatèn kabèh negara ing donya.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
[sunting] Pra-konvensi
Ing taun 1959, pamaréntah Mesir mutusaké arep mbangun bendungan Aswan, sawijining proyèk kang bakal ngelepaké lembah kang ngandhut warisan peradababn kuna kayadéné kuil Abu Simbel. UNESCO banjur nganakaké kampanye gedhèn-gedhan ing donya kanggo njaga situs mau kanggo ngadhepi usulan Mesir lan Sudan. Kuil Abu Simbel lan Kuil Philae sidané diprithili secuil mbaka secuil lan ditata manèh, dipindhah menyang papan kang luwih dhuwur. Béya kanggo proyèk mau udakara US $80 yuta, watara $40 yuta saka béya mau dikumpulaké saka 50 negara. Bab kuwi dianggep suksès, lan dadi conto kanggo kampanye proyèk-proyèk liya yakuwi ing antarané panylametan Venesia lan lagunané, ing Italia, reruntuh Mohenjo-daro ing Pakistan, lan Candhi Borobodur ing Indonesia). UNESCO banjur miwiti gawé rancangan konvènsi Déwan Internasional bab Monumèn lan Situs, kanggo ngreksa warisan budaya umum kanggo kamanungsan.
[sunting] Konvensi lan latar mburi
Amérika Sarékat miwiti gagasan kanggo nggabungaé konsèrvasi budaya lan konsèrvasi alam. Konferènsi Gedhung Putih ing taun 1965 mutusaké kanggo ngedegaké sawijining Badan Warisan Donya (World Heritage Trust) kanggo ngreksa "situs-situs alam lan tlatah éndah pang pinunjul ing donya lan situs mawa sajarah kanggo pedunung donya mangsa saiki lan sing bakal teka." Badan Internasional kanggo Konsèrvasi Alam ( International Union for Conservation of Nature ) uga nggawé usulan kang padha ing taun 1968, lan diusulaké taun 1972 marang Konferensi Lingkungan Urip PBB ing Stockholm, Swedia.
Pungkasané siji tèks disarujuki déning kabèh negara kang mèlu guyub, lan Konvènsi bab protèksi warisan budaya lan alam donya" disahké déning Konferènsi Umum UNESCO ing tanggal 16 November 1972.
[sunting] Prosès nominasi
Sadéngah negara kudu gawé daftar inventarisasi kabèh situs alam lan budaya pinunjul kang diduwèni. Daftar iki disebut Daftar Tentatif, lan wigati sebab sawijining negara ora bisa ngajokaké usulan tumrap situs kang ora ana ing daftar. Sabanjuré, bisa dipilih situs saka daftar iki kang dilebokaké jroning file nominasi. Pusat Warisan Donya bakal mènèhi advis lan mbiyantu nyepakaké file iki, kang sabisa-bisané kudu komprehènsif.
Tekan seméné, file iki diévaluasi sacara mandhiri déning loro organisasi: Déwan Internasional bab Monumèn lan Situs lan Badan Konsèrvasi Donya. Badan-badan iki banjur gawé rékomendhasi marang Komité Warisan Donya. Komité iki rapat setaun pisan kanggo nemtokaké pilihan endi usulan kang bisa mlebu Daftar Warisan Donya, lan kadhangkala angèl mutusaké saéngga njaluk katrangan luwih akèh saka negara kang ngajokaké. Ana sepuluh kritéria pemilihan kang kudu diduwèni supaya bisa mlebu daftar Warisan Donya.
[sunting] Kritéria pamilihan
Nganti pungkasan taun 2004, ana enenm kritéria kanggo warisan budaya lan papat kritéria kanggo warisan alam. Ing taun 2005, kritéria iki diowahi dadi siji sèt kritéria waé. Situs kang dadi nominasi kudu "nduwèni biji pinunjul kang universal" lan njukupi paling ora siji saka sepuluh kritéria.[2]
[sunting] Kritéria budaya
- I. "makili sawijining purwarupa utawa masterpiece kréasi manungsa genius";
- II. "nuduhaké hubungan (interchange) kang wigati ing pangajining manungsa (human values), jroning mangsa tinamtu utawa jroning tlatah budaya donya, ing pembangunan babagan arsitètur utawa tèknologi, seni monumèntal, perancangan kutha utawa disain lansekap;
- III. "nduwèni tèstimoni kang unik utawa sak ora-orané istiméwa tumrap tradhisi budaya utawa tumrap sawijining peradaban kang isih ana utawa wis sirna";
- IV. "minangka conto pinunjul saka jinis wangunan, arsitèktural utawa rakitan tèknologi utawa panorama kang nggambaraké tataran kang wigati ing sajarah manungsa ";
- V. "minangka conto pinunjul saka sawijining papan panggonan urip manungsa tradisional, panggunaan lahan, utawa panggunaan segara kang makili sawijining budaya, utawa interaksi manungsa lan lingkungan urip utamané nalika bab iki dadi rawan saka akibat owah-owahan kang ora bisa dibalèkaké";
- VI. "kudu langsung utawa nyata-nyata magepokan karo prastawa utawa tradhisi urip, karo gagasan, utawa karo kapercayan, karo karya artistik lan tinulis (literary) ing wigati universal kang pinunjul. (Komité mutusaké yèn kritéria iki luwih becik dipigunakaké magepokan karo kritéria liyané)";
[sunting] Kritéria alam
- VII. "ngandhut fénoména alam kang istiméwa (superlative) utawa tlatah kanthi kaéndahan alam kang ngédap-édapi lan wigatining èstètika";
- VIII. "minangka conto kang pinunjul (outstanding) makili tataran utama sajarah bumi, klebu rekaman kauripan, prosès geologi wigati kang isih lumaku jroning owah-owahan wangun bumi, utawa wujud geomorphic utawa physiographic kang wigati";
- IX. "minangka conto wigati kang makili prosès ekologis lan biologis wigati kang isih lumaku jroning évolusi lan owah-owahan kulit bumi (terrestrial), banyu tawa (fresh water), ékosistem panté lan segara, komunitas tanduran lan kéwan ";
- X. "ngandhut habitat alami kang paling wigati lan pinunjul kanggo konsèrvasi (ing panggonan kuwi) kaanékaragaman biologi, klebu spesies kang kaancam bakal punah, kang wigati tumrap nilai uiversal kang pinunjul saka kapentingan èlmu utawa konsèrvasi."
[sunting] Statistik
- Delengen uga: Tabel Situs Warisan Donya miturut negara
Sawetara iki ana 851 situs warisan donya duunung ing 142 negara anggota. Saka cacah iki mau, 660 ing antarané arupa situs budaya, 166 situs alam lan 25 situs campuran. Klasifikasi sabanjuré klebu klasifikasi miturut negara anggota ing lima zona geografis: Afrika, Negara-negara Arab (dumadi saka negara-negara Afrika Lor lan Wétan Tengah), Asia-Pasifik (klebu Australia lan Oseania), Eropah lan Amérika Lor (utamané, USA lan Kanada), lan Amerika Latin lan Karibia.
Minangka cathetan: Rusia lan negara-negara Kaukasus diklasifikasèkaké mlebu zona Eropah lan Amérika Lor.
Zona-zona geografis UNESCO uga mènèhi tekanan marang bab administratif tinimbang hubungan geografis. Mula, Pulo Gough, dumunung ing Atlantik Kidul, didadèkaké mlebu zona Eropah & Amérika Lor awit negara Inggris kang ngusulaké tlatah mau.
Tabel ing ngisor iki nuduhaké pamérangan situs miturut zona lan klasikasiné:
Zona | Alam | Budaya | Campuran | Total | % |
---|---|---|---|---|---|
Afrika | 33 | 38 | 3 | 74 | 9% |
Negara-negara Arab | 3 | 58 | 1 | 62 | 7% |
Asia-Pasifik | 45 | 126 | 11 | 182[3] | 21% |
Eropah & Amérika Lor | 51 | 358 | 7 | 416 | 49% |
Amerika Latin & Karibia | 34 | 80 | 3 | 117 | 14% |
[sunting] Daftar Situs Warisan Donya
- Daftar Situs Warisan Donya ing Afrika
- Daftar Situs Warisan Donya ing Amérika
- Daftar Situs Warisan Donya ing Asia lan Australasia
- Daftar Situs Warisan Donya ing Eropah
- Daftar Situs Warisan Donya ing bebaya
[sunting] Rapat Komité Warisan Donya
Komité Warisan Donya nganakaké rapat bola-bali setaun, kanggo ngrundhingaké cara-cara nggulawentah situs warisan donya kang ana, lan nampa usul nominasi saka negara kang ngajokaké. Rapat mau dilaksanakaké saben taun kanggo nglebokaké sawijining situs jroning daftar situs warisan donya sawisé presentasi déning IUCN lan/utawa ICOMOS, lan tanggapan utawa kabotan saka negara-negara anggota.
Rapat taunan dilaksanakaké pidhah-pindhah ing kutha-kutha ing saidhenging donya. Kajaba kang dianakaké ing [[Paris}} (Prancis), dunungé kantor markas UNESCO, mung negara-negara anggota Komité Warisan Donya kang duwé hak dadi tuan rumah rapat sabanjuré.
[sunting] Delengen uga
- Tabel Situs Warisan Donya miturut negara
- Daftar topik konsèrvasi
[sunting] Cathetan
- ↑ About World Heritage. World Heritage. URL diakses pada 2006-10-14
- ↑ Criteria for Selection. World Heritage. URL diakses pada 2006-10-14
- ↑ Uvs Nuur Basin dumunung ing Rusia lan ing Mongolia dilebokaké ing zona Asia-Pacifik.
[sunting] Pranala njaba
- UNESCO World Heritage portal — Official detailed website in both English and French
- The World Heritage List — Official searchable List of all Inscribed Properties
- KML file of the World Heritage List — Official KML version of the List for Google Earth and NASA Worldwind
- Convention Concerning the Protection of the World Cultural and Natural Heritage — Official 1972 Convention Text in 7 languages
- Convention Concerning the Protection of the World Cultural and Natural Heritage at Law-Ref.org — Fully indexed and crosslinked with other documents
- Organization of World Heritage Cities — Dealing with urban sites only
- WHTour.org — World Heritage sites in panographies - 360 degree imaging
- Worldheritage-Forum — Weblog and Information on World Heritage Issues
- UK Government's list of UK World Heritage Sites
- US National Park Service's list of US World Heritage Sites
- Parks Canada's list of Canadian World Heritage Sites
- thesalmons.org's world heritage list — Unofficial list with links and map of sites
- VRheritage.org — Documentation of World Heritage Sites
- whc.kmz — Unofficial and incomplete World Heritage List in Google Earth (en français)
|
---|
Afrika · Amérika · Negara-negara Arab · Asia lan Australasia · Eropah |
Perserikatan Bangsa-Bangsa | |
Sistem PBB |
|
Resolusi PBB |
|
Program lan Agensi |
|
Gendéra | Negara anggota | Negara pengamat | Sekretaris Jenderal | Markas Besar | Piagam | Tandha Penghargaan |