Sisilia
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Sisilia (basa Italia: Sicilia) kuwi sawijining dhaerah otonomi Italia lan pulo paling gedhé ing Segara Tengah, kanthi jembar wewengkon 25.703 km² lan 4.968.991 pedunung.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kutha-kutha ing Sisilia
Kutha-kuthaa wigati ing Sisilia yakuwi sang ibukutha regione, Palermo lan ibukutha-ibukutha provinsi yakuwi Catania, Messina, Siracusa, Trapani, Enna, Caltanissetta, Agrigento, Ragusa. Kutha-kutha liyané kang misuwur yakuwi Cefalù, Taormina, Bronte, Marsala, Corleone, Castellammare del Golfo Francavilla di Sicilia, lan Abacaenum (saikiTripi).
[sunting] Geografi
Gunung geni Etna dumunung ing cedhak Catania. Kapuloan Eolie ing sisih lor sacara administratif bagéan saka Sisilia, sarta Isole Egadi ing sisih kulon, Kapuloan Ustica ing kulon-lor, lan Kapuloan Pelagia ing sisih kidul-kulon.
Sisilia kawentar jroning rong milenia minangka dhaerah pengasil woh-wohan: Olive (zaitun) lan anggur kuwi kasil agrikultur Sisilia liyané. Pertambangan ing distrik Caltanissetta dadi dhaerah kang ngasilakésulfur kang gedhé ing pungkasan abad ka-19, nanging tansaya mudhun wiwit taun 1950-an.
[sunting] Transportasi
[sunting] Dharat
Jaringan dalan tol ana ing pulo iki, sebagéan arupa kreteg amarga tlatahé kang dumadi saka dhataran kang akè bukité.
[sunting] Sepur
Sisilia kahubung karo semenanjung Italia liwat jaringan sepur kang dilayani déning perusahaan Trenitalia. Sepuré kudu diunggahaké menyang kapal feri dhisik kanggo nyebrang antar pulo.
[sunting] Udhara
Sisilia dihubungkan liwat udhara déning Bandara Internasional Palermo lan Bandara Catania-Fontanarossa. Liyané kuwi uga ana bandara regional kang cilik ing Trapani, Pantelleria lan Lampedusa.
[sunting] Kasenian
Sisilia dikenal minangka panggonan seni: akèh penyair lan penulis dilairaké ing tlatah iki, antara liya Luigi Pirandello, Giovanni Verga, Salvatore Quasimodo, Gesualdo Bufalino lan Ignazio Buttitta.
[sunting] Basa
Sebagéan pedunung Sisilia nganggo basa Italia lan bahasa Sisilia.
[sunting] Pranala jaba
Pirsani pandhuan wisata Sisilia ing Wikitravel
- (it) Situs resmi
- (en) Regione Sicilia
Eropah | Italia | Sisilia (Sicilia) |
Agrigento | Caltanissetta | Catania | Enna | Messina | Palermo | Ragusa | Siracusa | Trapani |
Regione (wilayah) Italia | |
---|---|
Regione biasa | |
Abruzzo | Basilicata | Calabria | Campania | Emilia-Romagna | Lazio (Latium) | Liguria | Lombardia | Marche | Molise | Piemonte | Puglia (Apulia) | Toscana | Umbria | Veneto | | |
Regione kanthi status otonomi spesial | |
Friuli-Venezia Giulia | Sardinia | Sisilia | Trentino-Alto Adige | Valle d'Aosta |
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |