Emilia-Romagna
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ibukutha | Bologna |
Presiden | Vasco Errani (Olive Tree) |
Provinsi | Bologna Ferrara Forlì-Cesena Modena Parma Piacenza Ravenna Reggio Emilia Rimini |
Kotamadya | 341 |
Wilayah | 22.123 km² |
- Urutan | ke-6 (7,3 %) |
Populasi (2001) - Total - Urutan |
3.983.346 ke-8 (7,0 %) 180/km² |
Peta kang nuduhake lokasi Emilia-Romagna ing Italia |
Emilia-Romagna kuwi sawijining region ing sisih lorItalia dumadi saka rong region kang kebak sejarah Emilia lan Romagna. Region iki arupa segitiga kasar, diwatesi ing wétan déningSegara Adriatik, ing lor déning Kali Po, lan ing kidul déning Pegunungan Apennine. Kanthi pedunung kang cacahé 4.030.000 jroning tlatah kang ambané 22.123 km² ing sensus 2003, region iki minangka region kang padhet pedunungé (utamané ing bagéan kang rata). Emilia-Romagna minangka salah siji region paling makmur ing Italia, lan panganané uga misuwur.
Pertanian minangka kagiatan ekonomi kang paling utama: sereal, kentang, tomat lan bawang kuwi kang paling wigati, ditambahwoh-wohan lan anggur kanggo nggawé ombènan anggur (kang paling kawentar yakuwi Lambrusco, Sangiovese lan Albana).
Industri Emilia-Romagna uga sehat, khususé industri panganan lan pariwisata ing sadawané pesisir Segara Adriatik.
Kutha utamané yakuwi Bologna, minangka pusat sajarah, budaya, lan hiburan. Kutha wigati liyané yakuwi Parma, Piacenza, Reggio Emilia, Modena, Rimini, Ferrara, Forli, Cesena, lan Ravenna.
Jeneng Emilia-Romangna asalé saka jaman Romawi Kuno. Emilia ngarujuk marang via Emilia, dalan wigati Romawi kang ngubungaké Roma karo tlatah Italia lor. Romagna kuwi perubahan saka Romània; déné Ravenna kuwi ibukutha bagéan Italia saka Kakaisaran Bizantium.
[sunting] Komunitas
Kutha-kutha ing Emilia-Romagna kang nduwé pedunung luwih saka 50,000:
Comune | Population (2006 est.) |
---|---|
Bologna | 373,743 |
Modena | 180,469 |
Parma | 175,789 |
Reggio Emilia | 157,388 |
Ravenna | 149,084 |
Rimini | 135,682 |
Ferrara | 132,471 |
Forlì | 112,477 |
Piacenza | 99,340 |
Cesena | 93,857 |
Imola | 66,340 |
Carpi | 64,517 |
Faenza | 54,749 |
[sunting] Pranala jaba
Italia | Provinsi di regione Emilia-Romagna | ||
---|---|---|
Bologna | Ferrara | Forlì-Cesena | Modena | Parma | Piacenza | Ravenna | Reggio Emilia | Rimini |
Regione (wilayah) Italia | |
---|---|
Regione biasa | |
Abruzzo | Basilicata | Calabria | Campania | Emilia-Romagna | Lazio (Latium) | Liguria | Lombardia | Marche | Molise | Piemonte | Puglia (Apulia) | Toscana | Umbria | Veneto | | |
Regione kanthi status otonomi spesial | |
Friuli-Venezia Giulia | Sardinia | Sisilia | Trentino-Alto Adige | Valle d'Aosta |
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |