Kapuloan Marshall
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||
Motto: — | |||||
Lagu kabangsan: Forever Marshall Islands | |||||
Ibu kutha | Majuro 7°7' LU 171°4' BT |
||||
Kutha paling gedhé | Majuro | ||||
Basa resmi | Marshall, Inggris | ||||
Wangun pamaréntah
{{{leader_title1}}}
{{{leader_title2}}} {{{leader_title3}}} |
Republik {{{leader_name1}}} {{{leader_name2}}} {{{leader_name3}}} |
||||
Kamardikan {{{established_event1}}} {{{established_event2}}} |
{{{sovereignty_note}}} {{{established_date1}}} {{{established_date2}}} |
||||
Amba - Total - Banyu (%) |
181,3 km² (188) bisa dilirwakaké |
||||
Populasi - 2006 est. - - census - Kapadhetan |
71.056 (186) - 325/km² (20) |
||||
GDP (PPP) - Total - Per kapita |
2005 estimate US$0,115 miliar (190) US$1.600 (158) |
||||
Valuta | Dolar AS (USD ) |
||||
Zona wektu - Musim panas (Pangiritan wektu awan (DST)) |
(UTC+12) (UTC+12) |
||||
Internet TLD | .mh | ||||
Kodhe tèlpon | +692 |
||||
Republik Kapuloan Marshall kuwi sawijining negara kapuloan kang dumunung ing Samudra Pasifik bagéan kulon. Negara iki wewatesan karo Nauru lan Kiribati ing sisih kidul, Mikronesia ing kulon, lan Pulo Wake ing sisih lor.
[sunting] Sajarah
Senadyan warga Mikronesia manggoni Kapuloan Marshall ing abad 2000 SM, pangetauan bab sajarah awal negara iki mung sethithik. Penjelajah Spanyol Alonso de Salazar minangka wong Eropah pisanan kang nemokaké Kep. Marshall, nanging kapuloan iki ora naté diparani manèh jroning sawetara abad nganti kaptèn Inggris John Marshall marani ing taun 1788; kapuloan iki dijenengké miturut jenengé.
Sawijining perusahaan dagang Jerman ngadegaké cabang ing Kep. Marshall taun 1885 kang dadi bagéan saka protektorat Jerman Nugini. Jepang nguwasani kapuloan iki ing Perang Donya I lelandhesan mandat Liga Bangsa-Bangsa.
Taun 1944 wektu Perang Dunia II, Amérika Sarékat nyerbu kapuloan iki lan nglebokaké jroning Wilayah Perwalian Kapuloan Pasifik (Trust Territory of the Pacific Islands). Sawisé perang, AS wiwit nglaksanakaké sawetara uji coba nuklir ing Kep. Marshall kang lumaku nganti taun 1960-an. Akibaté, akèh warga Marshall kang kena èfèk tingkat radiasi dhuwur saéngga klaim kompènsasi isih lumaku nganti dina iki.
Taun 1979, Republik Kep. Marshall didegaké lan perjanjèn Compact of Free Association karo AS ditandhatangani, lan wiwit lumaku taun 1986.
[sunting] Geografi
Kep. Marshall dumadi saka 29 atol lan 5 pulo kapencil. ⅔ populasi manggon ana ing Atol Majuro (uga jeneng ibukutha) lan Ebeye. Siklon tropis kadhangkala ngantem kapuloan iki.
[sunting] Pranala jaba
Pirsani pandhuan wisata Kapuloan Marshall ing Wikitravel
- (en) Situs Kedubes Kep. Marshall di Washington, DC
- (en) Info di CIA World Factbook
- (en) Yokwe Online
- (en) Jane's Marshall Islands
- (en) Gambar korban uji coba nuklir AS
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |
Nagari-nagari ing Oseania |
Australia | Fiji | Kiribati | Kapuloan Marshall | Negara Federasi Mikronesia | Nauru | Palau | Papua Nugini | Samoa | Selandia Anyar | Kapuloan Solomon | Tonga | Tuvalu | Vanuatu |
Dependensi: Pulo Baker | Kapuloan Cook | Guam | Hawaii | Pulo Jarvis | Kaledonia Anyar | Kapuloan Mariana Lor | Atol Midway | Niue | Pulo Norfolk | Pulo Paskah | Kapuloan Pitcairn | Polinesia Perancis | Samoa Amerika | Tokelau | Pulo Wake | Wallis lan Futuna |