Islam
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Artikel iki bagéyan saka sèri Islam |
Rukun Islam |
Sahadat · Shalat · Zakat |
Pasa · Kaji |
Rukun Iman |
Allah · Kitab · Malaikat · |
Nabi · Dina Akhir · Takdir |
Tokoh Islam |
Muhammad |
Nabi & Rasul · Ahlul Bait |
Para Sahabat · Tabiin · Tabiut tabiin |
Kutha Suci |
Mekkah · Madinah · Yerusalem |
Riyaya |
Idul Adha · Idul Fitri |
Dina Penting |
Hijrah · Maulid · Asyura |
Penanggalan |
Muharam · Safar |
Rabiulawal · Rabiulakhir |
Jumadilawal · Jumadilakhir |
Rajab · Syakban · Ramadan |
Syawal · Zulkaidah · Zulhijah |
Arsitektur |
Mesjid · Ka'bah |
Menara · Mihrab · Mimbar |
Arsitektur Islam |
Jabatan Fungsional |
Khalifah · Ulama · Mufti |
Imam · Muadzin |
Teks & Hukum |
Al-Qur'an · Hadits · Sunnah |
Fiqih · Fatwa · Syariat |
Aliran |
Sunni: |
Hanafi · Hambali · Maliki · Syafi'i |
Syi'ah: |
Rolas Imam · Ismailiyah · Zaidiyah |
Liyané: |
Khawarij · Murji'ah · Mu'taziliyah |
Gerakan |
Hizbullah · Hizbut Tahrir Ikhwanul Muslimin · Tasawuf Wahabi · Salafiyah |
Ormas Islam ing Indonésia |
Nahdlatul Ulama · Muhammadiyah Persis · MUI · LDII |
Uga pirsanana |
Gapura:Islam |
Indeks artikel bab Islam |
|
Islam iku agama sing paling akeh pengikute ing tanah Jawa. Panyebaran Islam kondhang ing astane Wali Sanga, yakuwi ustadz (pemimpin agama islam) sing cacahe sanga. Iku kasebut wali amarga wali iku tegese wakil. Ing bab iki tegese wakile Gusti Allah. Sumrambahe Islam agawe agama Hindhu kang maune kawentar ing Jawa banjur sumingkir menyang Bali.
Salah siji karaton Islam ing Tanah Jawa sing kasil ngetrapke ajaran-ajaran Islam ya kuwi kerajaan Demak Bintara.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Tembung Islam
Ing basa Arab, Islam nduwe arti pasrah awak lan uga sawijining Din (agama) kan artine pranatan utawa sistem (QS 3:83). Yen dirunut asal-usule, tembung iki katedhak seka tembung kang padha karo salãm kang artine santosa (damai) lan asring dienggo ing panyapan bebrayan.
[sunting] Kapercayan
[sunting] Kalimah Sahadat
Wong kang sinebut muslim (wong kang ngenut agama Islam) iku wiwitane kudu percaya marang rong perkara, yaiku: nyekseni yen ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah lan percaya yen Nabi Muhammad dadi caraka (utusan) Allah ing bumi kang pungkasan. Pranyatan iki kanthi nyebut kalimat sahadat yaiku asyhadu an laa ilaha illa-llahu wa asyhadu anna muhammada-r-rasulu-llahi (أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ) sing tegese aku nyekseni yen ora ono sesembahan kang bener kejaba Allah lan Muhammmad iku utusane Allah.Kabeh wong islam kudu mangerteni lan netepi opo kang dikandut ono ing kalimat sahadat sing wis di ucapake mau.
[sunting] 5 Rukun Islam
Para ulama netepke yen saben muslim kudu ngugemi 5 azas kang sinebut rukun Islam:
- Ngucap kalimah sahadat lan ngugemi apa kang kasebut ing njerone ukara iki.
- Nglakoni sholat limang wektu sedina.
- Pasa ing wulan Ramadhan.
- Ngetoake zakat.
- Lunga kaji kanggo sing bisa.
[sunting] 6 Rukun Iman
Muslim uga kudu percaya marang 6 perkara kang sinebut 6 Rukun Iman
- Iman marang Allah
- Iman marang malaikat
- Iman marang kitab suci kang wis di turunke Allah
- Iman marang nabi lan rasul Allah
- Iman marang dina akhir
- Iman marang qada lan qadar
[sunting] Doktrin
[sunting] Tauhid
Tembung tauhid iku asale saka basa arab توحيد ateges nyawijèkaké. Ana ing bab aqidah Islam tauhid duweni teges nyawijeake Allah ana ing sak kabehe lelaku ngibadah. Para Ulama mbagi tauhid dadi telung werna yaiku : tauhid rububuyah, tauhid uluhiyah lan tauhid asma wa sifat.
[sunting] Al Quran
Muslim kudu percaya yen Al Qur'an iku puncak lan panutup wahyu Allah kanggo manungsa. Ajaran iki diturunkan marang Nabi Muhammad SAW kanthi caraka Malaikat Jibril. Yen dirunut seka ngelmu basa, Al Qur'an iku artine "wewacan" utawa "kang diwaca bola-bali." Ukara iki seka qara'a kang maknane "maca". Penganggo ukara iki bisa disumurupi ing ayat 17 lan 18 Surat Al-Qiyaamah.
[sunting] Demografi
Wektu iki dikira-kira ana watara 1.250 yuta nganti 1,4 milyar umat Muslim sing kasebar ing saindhenging donya. Saka gunggung iku watara 18% urip ing negara-negara Arab, 20% ing Afrika, 20% ing Asia Kidul-wétan, 30% ing Asia Kidul yakuwi Pakistan, India lan Bangladesh. Populasi Muslim paling gedhé ing sawijing negara antara liya ing Indonesia. Populasi Muslim uga bisa ditemokaké kanthi gunggung kang signifikan yakuwi ing Tiongkok, Amérika Sarékat, Eropah, Asia Tengah, lan Rusia.
Tuwuhing wong Muslim diprecaya nagnti 2,9% per taun, déné tuwuhing pedunung donya mung ngancik 2,3%. Angka iki ndadèkaké Islam minangka agama kanthi patuwuhan panganut sing kagolong cepet ing donya.[1]. Sawetara panemu ngubungaké tuwuhing Islam iki karo dhuwuring angka klairan ing racaké negara Islam (enem saka sepuluh negara ing donya kanhi angka klairan paling dhuwur ing donya yakuwi negara kanthi mayoritas pedunung Muslim [2]. Nanging durung suwé iki, sawijining studi demografi wis nyatakaké yèn angka klairan negara Muslim mudhun nganti tingkat padha karo negara Kulon. [3]
[sunting] Referensi
[sunting] Uga Delengen
[sunting] Pranala jaba
- Muslim.or.id, Panggonan kanggo sinau Al-Qur'an lan As-Sunnah
- AL-IKHWAN.NET
- Majelis Ulama Indonesia (MUI)
- Ikatan Cendekiawan Muslim Indonesia (ICMI)
- Badan Amil Zakat, Infak dan Sedekah (BAZIS) DKI Jakarta
- Portal Islam Eramuslim
- Pusat konsultasi dan informasi syariah, SyariahOnline
- AL-IKHWAN.NET, Situs kajian Islam berlandaskan Al-Qur'an dan As-Sunnah.
- Lembaga Bina Mualaf Indonesia (Mualaf Center Online)
- Unit Kegiatan Mahasiswa Islam Hudzaifah Universitas Trisakti
- Islam di Eropa Barat
- Islam di Asia Selatan
- Islam Blog
- http://www.islamhouse.com
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.