Anggur (woh)
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Wit anggur kuwi klebu jinis woh-wohan non-climacteric (ora usum-usuman?), tuwuh minangka tanduran kang tahan urip mataun-taun ( perennial ) lan arupa wit grumbul kang mrambat ( deciduous woody vine ), saka genus Vitis. Woh anggur bisa dipangan mentahan utawa digawé jam, jus, jèli, cuka anggur, ombènan anggur lan lenga wiji anggur. Anggur tuwuh nggrombol wiwit 6 nganti 300, lan wernané bisa ireng, biru, emas, ijo, ungu, abang, jambon,coklat, peach (jambon kekuningan}, utawa putih. Senajam mengkono, anggur "putih" sakjané werna ijo, nanging sacara alon-alon malih rupa sing asalé saka anggur abang. Mutasi saka loro gèn kang temata ngendhegaké produksi anthocyanin, yakuwi zat sing marahi rupané anggur dadi abang.[1].
Bab lan Paragraf |
[sunting] Wit Anggur
Akèh-akèhé anggur asal saka cultivars Vitis vinifera, yakuwi wit anggur Eropah sing asalé saka tlatah Mediterranean lan Asia Tengah Minor, dadi tanduran anggur jinis kang sumebar ing Amérika land Asia, kayata :
- Vitis labrusca, wit anggur kanggo anggur méja lan anggur jus saka Amérika Lor, kadhangkala dipigunakaké minangka ombènan anggur (wine). Asalé saka Amérika sisih wétan lan Kanada.
- Vitis riparia, wit anggur liar saka Amérika Lor, kadhangkala digawé ombènan anggur lan jam. Asalé saka Amérika sisih wétan lan loré Quebec.
- Vitis rotundifolia, utawa muscadine, digawé ombènan lan jam. Asalé saka Amérika kidul-wétan wiwit Delaware nganti Teluk Meksiko.
- Vitis vulpina Anggur beku. Asal saka Amérikas Sarékat wiwit saka tlatah tengah-kulon wétané panté nganti tekan New York.
- Vitis amurensis jinis paling wigati saka Asia.
Anggur Segara Coccoloba uvifera kuwi sakjané kaluwargané anggur Buckwheat Polygonaceae lan asalé saka pulo-pulo ing segara Karibia.
[sunting] Distribusi lan prodhuksi
Miturut "Food and Agriculture Organization" (FAO), 75,866 km2 lumahing bumi dinggoni tanduran anggur. Kira-kira 71% prodhuksi anggur donya digawé ombènan anggur (wine), 27% dadi panganan woh seger, lan 2% digaringaké. Sebagéan prodhuksi anggur dianggo nggawé jus anggur kanggo pemanis woh-wohan kalèng kang tanpa tambahan gula lan "100% alami". Tlatah kebon anggur tansaya tambah kira-kira 2% saben taun.
Tabel ing ngisor iki minangka daftar prodhusèn anggur kang pinunjul ing donya.:
Negara | Ambané tlatah kebon anggur |
---|---|
Spanyol | 11.750 km² |
Prancis | 8.640 km² |
Italia | 8.270 km² |
Turki | 8.120 km² |
Amérika Sarékat | 4.150 km² |
Iran | 2.860 km² |
Rumania | 2.480 km² |
Portugal | 2.160 km² |
Argentina | 2.080 km² |
Australia | 1.642 km² |
Inggris | 10,53 km² |
Sumber: FAO, Organisation Internationale de la Vigne et du Vin (pdf), Australian Wine and Brandy Corporation.
[sunting] Delengen uga
- List of grape varieties
- Grape and raisin toxicity in dogs
[sunting] Pranala jaba
- Integrated Taxonomic Information System entry for Grape family
- Area under vine (pdf)
- Wild Grapes
- 300 Grape Varieties for Wine
- Wine Wiki
- SAFECROP - Proceedings of the 5th International Workshop on Grapevine Downy and Powdery Mildew
- World's Healthiest Foods, in-depth nutrient profile for grapes
[sunting] Referensi
- ↑ Walker AR, Lee E, Bogs J, McDavid DA, Thomas MR, Robinson SP (2007). "White grapes arose through the mutation of two similar and adjacent regulatory genes". Plant J 49 (5): 772–85.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.