Nonlogam
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Nonlogam kuwi klompok unsur kimia kang nduwèni sipat elektronegatif, yaiku luwih gampang narik elektron valensi saka atom liya tinimbang ngeculaké. Kang kalebu golongan nonlogam yakuwi halogen, gas mulia, lan 7 unsur iki: hidrogen (H), karbon (C), nitrogen (N), oksigen (O), fosfor (P), belerang (S), lan selenium (Se).
Sabagéan gedhé nonlogam ditemokaké ing bagéan dhuwur tabel périodik, kajaba hidrogen kang dumunung ing bagéan kiwa dhuwur bebarengan karo logam alkali. Ora kaya unsur logam kang arupa konduktor listrik, nonlogam biasané duwé sipat insulator utawa semikonduktor. Nonlogam bisa mbentuk ikatan ion karo narik elektron saka logam, utawa ikatan kovalen karo nonlogam liyané. Oksida nonlogam duwé sipat asam.
Senadyan mung dumadi saka 12 unsur, dibandingaké karo luwih saka 80 luwih jenis logam, nonlogam minangka panyusun sebagéan gedhé isi bumi, utamané lapisan njaba. Makhluk urip kasusun mèh kabèh saka unsur nonlogam. Akèh nonlogam kang awangun diatomik (hidrogen, nitrogen, oksigen, fluor, klor, brom, lan yodium), déné sisané arupa poliatomik.
Golongan → | 1 | 2 | 3 | 4 | 5 | 6 | 7 | 8 | 9 | 10 | 11 | 12 | 13 | 14 | 15 | 16 | 17 | 18 | ||
Période ↓ | ||||||||||||||||||||
1 | 1 H |
2 He |
||||||||||||||||||
2 | 3 Li |
4 Be |
5 B |
6 C |
7 N |
8 O |
9 F |
10 Ne |
||||||||||||
3 | 11 Na |
12 Mg |
13 Al |
14 Si |
15 P |
16 S |
17 Cl |
18 Ar |
||||||||||||
4 | 19 K |
20 Ca |
21 Sc |
22 Ti |
23 V |
24 Cr |
25 Mn |
26 Fe |
27 Co |
28 Ni |
29 Cu |
30 Zn |
31 Ga |
32 Ge |
33 As |
34 Se |
35 Br |
36 Kr |
||
5 | 37 Rb |
38 Sr |
39 Y |
40 Zr |
41 Nb |
42 Mo |
43 Tc |
44 Ru |
45 Rh |
46 Pd |
47 Ag |
48 Cd |
49 In |
50 Sn |
51 Sb |
52 Te |
53 I |
54 Xe |
||
6 | 55 Cs |
56 Ba |
* |
71 Lu |
72 Hf |
73 Ta |
74 W |
75 Re |
76 Os |
77 Ir |
78 Pt |
79 Au |
80 Hg |
81 Tl |
82 Pb |
83 Bi |
84 Po |
85 At |
86 Rn |
|
7 | 87 Fr |
88 Ra |
** |
103 Lr |
104 Rf |
105 Db |
106 Sg |
107 Bh |
108 Hs |
109 Mt |
110 Ds |
111 Uuu |
112 Uub |
113 Uut |
114 Uuq |
115 Uup |
116 Uuh |
117 Uus |
118 Uuo |
|
* Lantanida | 57 La |
58 Ce |
59 Pr |
60 Nd |
61 Pm |
62 Sm |
63 Eu |
64 Gd |
65 Tb |
66 Dy |
67 Ho |
68 Er |
69 Tm |
70 Yb |
||||||
** Aktinida | 89 Ac |
90 Th |
91 Pa |
92 U |
93 Np |
94 Pu |
95 Am |
96 Cm |
97 Bk |
98 Cf |
99 Es |
100 Fm |
101 Md |
102 No |
Logam alkali | Alkali tanah | Lantanida | Aktinida | Logam transisi |
Logam | Metaloid | Nonlogam | Halogen | Gas mulia |
Artikel prakawis kimia puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |