Dhèrèt kimia
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Dhèrèt kimia (Inggris: chemical series) yakuwi klompok unsur kimia kang sifat fisik lan kimiané owah sacara progresif saka ujung siji menyang ujung liyané jroning dhèrèt kasebut. Dhèrèt kimia ditemokaké sadurungé tabel périodik (kang nata unsur miturut sipat kimiané) diciptakaké.
Sawetara dhèrèt kimia gegandhèngan langsung karo golongan tabel périodik. Bab iki dudu sawijining kabeneran, awit sipat fisik kang padha antara unsur ing sawijining dhèrèt timbul amarga anané konfigurasi orbit elektron kang padha, kang ndadèkaké unsur-unsur iki didèlèh ing golongan kang padha jroning tabel périodik.
Dhèrèt kimia ing tabel périodik yakuwi:
- Alkali (golongan 1)
- Alkali tanah (golongan 2)
- Lantanida
- Aktinida
- Logam transisi
- Logam
- Metaloid
- Nonlogam
- Halogen (golongan 17)
- Gas mulia (golongan 18)