Kali Brahmaputra
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Kali Brahmaputra,[1] uga diarani Tsangpo-Brahmaputra, kuwi sawijining kali lintas-wates lan salah siji saka kali-kali utama ing Asia.
Saka asal sumberé ing Tibet kidul-kulon minangka Kali Yarlung Tsangpo, kali iki mili ngliwati Tibet kidul nembus pagunungan Himalaya ing sawijiné jurang gedhé lan mlebu menyang tlatahArunachal Pradesh lan ing kana disebut minangka Kali Dihang.[2] Kali iki sabanjuré mili tumuju kidul-kulon ngliwati Lembah Assam banjur disebut minangka Brahmaputra lan terus mangidul ngliwati Bangladesh (ing kana diarani Jamuna). Ing tlatah iki Kali Brahmaputa nggabung karo Gangga lan ndadèkaké sawijining dhèlta kang gedhé. Watara 1,800 mi (2,900 km) dawané, kali iki minangka sumber wigati tumrap irigasi lan transportasi. Ing bagéan ndhuwur suwé ora dikawruhi, lan anané karo Kali Yarlung Tsangpo lagi diweruhi liwat eksplorasi ing taun 1884-86. Kali iki kerep disebut minangka Kali Tsangpo-Brahmaputra.
Senajan akèh kali-kali ing India lan Bangladeshi nduwé jeneng wanita, kali iki duwé jeneng lanang kang langka, kang tegesé "putra Brahma" ing basaSanskreta.
Mèh sadawaning Kali Brahmaputra kuwi bisa dilayari. Ing pérangan ngisor dianggep suci déning masyarakat Hindhu. Kali iki duwé potènsi banjir gedhé ing mangsa semi nalika salju ing pagunungan Himalaya snows dadi banyu. Kali iki uga salah siji saka sethithik kali ing donya kang nduwèni "ombak pasang".
[sunting] Cathetan lan referensi
- ↑ Brahmaputra uga diarani ing sawetara basa: Basa Assam: ব্ৰহ্মপুত্ৰ Brôhmôputrô; Bengali: ব্রহ্মপুত্র Bromhoputro; Hindi: ब्रम्हपुत्र, IAST: Bramhaputra; Tibetan: ཡར་ཀླུངས་གཙང་པོ་; Wylie: yar klung gtsang po Yarlung Tsangpo
- ↑ Yarlung Tsangpo River in China. Atmospheric Data Science Center. URL diakses pada 2007-06-27
- This article incorporates text from the public domain 1907 edition of The Nuttall Encyclopædia.
[sunting] Wacan terusan
- Banglapedia:Brahmaputra River
- Banglapedia:Old Brahmaputra River
- Banglapedia:Brahmaputra-Jamuna River System
- Bibliography on Water Resources and International Law See Ganges and Brahmaputra Rivers section.
- Rivers of Dhemaji and Dhakuakhana
- Background to Brahmaputra Flood Scenario
|
|
---|---|
Ing dharatan | Sindu · Kali Gangga · Kali Yamuna · Chenab · Jhelum · Brahmaputra · Godavari · Narmada · Tapti · Ravi · Beas · Kali Sutlej · Kali Dudh Kosi · Padma · Sarasvati · Krishna · Kaveri · Meghna · Mahanadi · Son · Ghaghara · Betwa · Chambal · Kosi · Sapt Koshi · Tamur · Mo Chhu · Sankosh · Drangme Chhu · DIK Gangga · Dhèlta Gangga · Dhèlta Sindu · Tlaga Dal · Tlaga Pookode · Skeleton · Tlaga Chilka · Tlaga Powai · Tlaga Borith · Saiful Muluk · Gosaikunda · Nizam Sagar · Tlaga Red Hills · Malampuzha · Kerala Backwaters · Damodar |
Njaban Panté | Samudra India · Segara Arabia · Segara Laccadive · Teluk Benggala · Teluk Kutch · Teluk Khambhat · Selat Palk · Teluk Mannar |
Utama | Reservoar lan wadhuk ing India · Tlaga ing India · Kali ing India · Tlaga ing Pakistan · Kali ing Pakistan · Kali ing Bangladesh · Kali ing Bhutan · Tlaga ing Nepal · Kali ing Nepal |