Jawaharlal Nehru
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Jabatan: | Perdana Menteri India Ke–1 |
Periode Jabatan: | 15 Agustus 1947 – 27 Mei 1964 |
Nggantosaken: | Tidak Ada |
Kagantosaken: | Lal Bahadur Shastri |
Wiyosan: | 4 November 1889, Allahabad, Uttar Pradesh, India |
Politik India: | Kongres I |
Seda: | 27 Mei 1964 |
Kapercayan: | Mboten wonten, Atheist |
Jawaharlal Nehru (जवाहरलाल नेहरू, Javāharlāl Nehrū) (Allahabad, Uttar Pradesh, 14 November 1889 – 27 Mei 1964), ugi kasebat Pandit ('Guru') Nehru, punika pamimpin sayap sosialis Kongres Nasional India wekdal perjuwangan kamardikan India saking Kekaisaran Britania lan ing mangsa sasampunipun.
Ing wekdal semanten India dipunkuwaosi déning Inggris. Sapérangan tiyang India salajengipun pengin nagari India kapréntah déning bangsa India piyambak. Pamimpinipun ing wekdal semanten inggih punika Mahatma Gandhi. Ing wekdal semanten ramanipun Motilal Nehru punika pengacara ingkang asring mbiyantu Gandhi. Ing wekdal ingkang sami Nehru saweg nglampahi pendhidhikan ing Inggris. Sasampunipun rampung anggenipun sinau, piyambakipun dados pengacara, mboten dangu salajengipun piyambakipun ninggal pedamalenipun. Amargi piyambakipun katarik tumut lelampahan ramanipun lan Gandhi nglawan Inggris. Piyambakipun dados Perdana Menteri India ingkang sepisanan wanci kamardikan ing tanggal 15 Agustus 1947, lan lajeng mangreh dumugi sedanipun. Piyambakipun mbudidaya kanggé kabecikan India lan ugi kanggé katentreman donya. Piyambakipun ndhukung pambentukan PBB. Salah setunggaling sosialis ingkang atos, Nehru punika sang arsitek 'Resolusi Abadi' ingkang kagungan sumpah tumrap 'Pola Lingkungan ingkang Sosialistis'. Jawaharlal Nehru kaanggep salah setunggiling pamimpin donya ingkang misuwur.
[sunting] Mangga ugi pirsani
Wikiquote basa Inggris gadhah kolèksi kutipan ingkang wonten gandhènganipun kaliyan Jawaharlal Nehru
- Motilal Nehru
- Indira Gandhi
- Feroze Gandhi
- Vijaya Lakshmi Pandit
- Kamala Nehru
- Nayantara Sehgal
- Rajiv Gandhi
- Sonia Gandhi
- Maneka Gandhi
- Sanjay Gandhi
- Arun Nehru
- Varun Gandhi
- Rahul Gandhi
- Priyanka Gandhi
Didhisiki déning: tidak ada |
Perdhana Menteri India {{{tahun}}} |
Diganti déning: Gulzarilal Nanda |
Artikel prakawis biografi tokoh puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |