Hobart
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Negara | Australia |
Negara bagéan | Tasmania |
Dina madeg | 1803 |
Jembar wewengkon | 1.357,3 km2 |
Pedunung | 200.525 (Sensus 2006) |
- Kepadatan | 148,9/km2 |
Basa | Basa Inggris |
Zona | AEST(UTC+10) AEDT (UTC+11) |
Hobart kuwi ibukutha negara bagéan Tasmania, Australia. Diadegaké ing taun 1804 minangka koloni ukuman, Hobart minangka kutha paling tuwa kaloro sekaligus kutha paling gedhé ka-12 ing Australia, kanthi pedunung metropolitan watara 200.000. Kutha iki minangka pusat finansial lan pamaréntahan Tasmania, sarta duwé plabuhan segara.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geografi
Hobart dumunung ing muara Kali Derwent ing sisih kidul-wétan negara bagéan Tasmania ing koordinat
. Tlatah central business district dumunung ing pesisir kulon, sisih-sisihan karo Sullivan's Cove, kanthi tlatah pinggiran kang nyebar sadawaning pesisir Derwent nganti tekan pagunungan ing sikilé Gunung Wellington. Plabuhan Hobart nguwasani kabèh tlatah asli Sullivan's Cove.Tlatah Metropolitan Hobart dumadi saka telu kutha otonom, yakuwi Kutha Hobart, Kutha Glenorchy lan Kutha Clarence, plus tlatah kang dadi tlatah urban Municipality of Kingborough lan Municipality of Brighton. Tlatah pinggiran (suburban) nyakup wilayah sisih kiwa tengené kali. Kapisah saka kutha iki, pusat-pusat komersial utama yakuwi Glenorchy (ing sisih lor) lan Rosny Park (pesisir wétan). Kutha satelit Kingston, ing sisih kidul kutha, tuwuh dadi tlatah pinggiran Hobart. Kutha-kutha liya ing saubengé kayadénéSorell, Margate, Brighton lan New Norfolk dadi papan panggonan urip kang populèr.
[sunting] Iklim
Cuaca rata-rata ing Hobart | |||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Sasi | Jan | Feb | Mar | Apr | Mei | Jun | Jul | Agu | Sep | Okt | Nov | Des | Taun |
Rata-rata dhuwur °C (°F) | 21.6 (71) | 21.6 (71) | 20.1 (68) | 17.3 (63) | 14.4 (58) | 11.9 (53) | 11.6 (53) | 13.0 (55) | 15.0 (59) | 16.9 (62) | 18.7 (66) | 20.3 (69) | 16,9 (62) |
Rata-rata endhèk °C (°F) | 11.8 (53) | 12.0 (54) | 10.8 (51) | 8.9 (48) | 6.9 (44) | 5.2 (41) | 4.5 (40) | 5.2 (41) | 6.4 (44) | 7.7 (46) | 9.2 (49) | 10.8 (51) | 8,3 (47) |
Curah Udan mm (inch) | 48.0 (1.9) | 39.9 (1.6) | 45.2 (1.8) | 51.4 (2) | 46.8 (1.8) | 54.0 (2.1) | 52.5 (2.1) | 52.9 (2.1) | 52.7 (2.1) | 62.1 (2.4) | 53.7 (2.1) | 57.0 (2.2) | 616,2 (24,3) |
Sumber: Biro Meteorologi[1] 1882-2008 |
[sunting] Liya-liya
- Puteri Mahkota Mary saka Denmark lair lan digedhèkaké ing Taroona, kawasan sisih kidul kutha Hobart.
- Errol Flynn lair ing Hobart tanggal 20 Juni 1909.
[sunting] Referensi
- ↑ Climate Data. BoM.
[sunting] Pranala njaba
Pirsani pandhuan wisata Hobart ing Wikitravel
- (en) Hobart City Council
- (en) Citra satelit dari Google Maps
- (en) Peta jalan kota Hobart dari Whereis.com
Negara bagéan Australia lan ibukuthané | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
TIKA | NSW | TL | Que | AKi | Tas | Vic | AKu |
Canberra | Sydney | Darwin | Brisbane | Adelaide | Hobart | Melbourne | Perth |
Artikel prakawis Australia puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |