Chelsea F.C.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Chelsea F.C. (Chelsea Football Club), uga dikenal minangka The Blues utawa sakdurungé The Pensioners, yakuwi salah sawijining klub bal-balan utawa sepakbola Inggris kang main ing Liga Utama Inggris lan nduwèni markas ing kutha London. Klub iki didhegaké déning H.A. Mears ana ing taun 1905, lan nduwé lapangan dhéwé kang bisa nampung 42.360 penonton, dumunung ing Fulham, London Kulon.
Chelsea wis malang mégung ing sajarah sepakbola Inggris, lan ngalami sukses rong periode, yakuwi taun 1960-an lan awal 1970-an, sakbanjuré ing akhir 1990-an nganti wektu iki. Chelsea wis njuarai gelar Liga Utama Inggris kaping telu (1954-55, 2004-05, 2005-06), Piala FA kaping papat (1970, 1997, 2000, 2007), Piala Liga kaping papat (1965, 1998, 2005, 2007), lan Piala Winners kaping pindho yakuwi ing taun 1971 lan 1998.
Manajeré sing sepisanan yakuwi John Roberson (1905-1906). Chelsea njuarai Liga Utama Inggris (Premiership) ana ing taun 1955 nalika masa jabatan Ted Drake minangka manajer.
Chelsea dadi juara Liga Utama Inggris manèh sakwisé 50 taun, yaiku ing taun 2005, nalika masa jabatan manajer Jose Mourinho (2004 - saiki), kang olèh dukungan penuh saka sing nduwé klub, milyader lenga patra keturunan Rusia, Roman Abramovich.
Ana ing taun (2005) uga, Chelsea njuarai Piala Carling sakwisé ngalahaké Liverpool. Taun 2006, Chelsea bisa njuarai Liga Utama Inggris manèh. Taun 2007, Chelsea kasil dadi juara Piala Carling sakwisé ngalahaké Arsenal 2-1 lan juara Piala FA sakwisé ngalahaké Manchester United 1-0 liwat babak perpanjangan wektu.
Chelsea nduwé sawetara pemain Inggris kang dianggep paling apik wektu iki, antara liya John Terry (kapten) lan Frank Lampard.
[sunting] Pemain-pemain kondhang
1900-an: William 'Fatty' Foulke, George 'Gatling Gun' Hilsdon, Robert McRoberts, John Tait Robertson, Ben Warren
1910-an: Jack Harrow, Nils Middelboe, Robert Whittingham
1920-an: Ben Howard Baker, Jack Cock, Tommy Law, Tommy Meehan, GR Mills, Jack Townrow, Bob Turnbull, Andrew Wilson
1930-an: Hughie Gallacher, Sam Weaver, Vic Woodley, George Mills
1940-an: John Harris, Tommy Lawton, Willi Steffen
1950-an: Ken Armstrong,Roy Bentley, Jimmy Greaves
1960-an: Frank Blunstone, Peter Bonetti, Eddie McCreadie, Ken Shellito, Bobby Tambling, Terry Venables
1970-an: Charlie Cooke, Ron Harris, John Hollins, Alan Hudson, Ian Hutchinson, Peter Osgood, Ray Wilkins
1980-an: Paul Canoville, Kerry Dixon, Pat Nevin, Nigel Spackman, David Speedie, Clive Walker
1990-an: Steve Clarke, Roberto Di Matteo, Ruud Gullit, Glenn Hoddle, Mark Hughes, Frank Leboeuf, Graeme Le Saux, Dan Petrescu, Gianluca Vialli, George Weah, Dennis Wise, Ed de Goey, Dimitri Kharine, Tore André Flo, Gianfranco Zola
2000-an: Marcel Desailly, Eiður Smári Guðjonsen, Jimmy Floyd Hasselbaink, John Terry, Frank Lampard, Carlo Cudicini, Damien Duff, Arjen Robben, Didier Drogba, Petr Čech, Paulo Ferreira
[sunting] Daftar pemain 2006/2007
Nomor | Negara | Nama pemain | |||
---|---|---|---|---|---|
Penjaga gawang | |||||
1 | Petr Čech | ||||
23 | Carlo Cudicini | ||||
40 | Henrique Hilário | ||||
Pemain belakang | |||||
3 | Ashley Cole | ||||
6 | Ricardo Carvalho | ||||
9 | Cithakan:Bendera belanda | Khalid Boulahrouz | |||
18 | Wayne Bridge | ||||
20 | Paulo Ferreira | ||||
26 | John Terry (kapten) | ||||
43 | Ryan Bertrand | ||||
44 | Michael Mancienne | ||||
Gelandang | |||||
4 | Claude Makélélé | ||||
5 | Michael Essien | ||||
8 | Frank Lampard | ||||
10 | Joe Cole | ||||
12 | Mikel John Obi | ||||
13 | Michael Ballack | ||||
14 | Caludio Pizzaro | ||||
16 | Cithakan:Bendera belanda | Arjen Robben | |||
19 | Lassana Diarra | ||||
24 | Shaun Wright-Phillips | ||||
Pemain depan | |||||
7 | Andriy Shevchenko | ||||
11 | Didier Drogba | ||||
21 | Cithakan:Bendera pantai gading | Salomon Kalou | |||
Manajer | |||||
- | Jose Mourinho |
[sunting] Pranala Jaba
- (en) Situs web resmi
- (id) Situs Fans Chelsea Indonesia
- (en) Chelsea clip video website
- (en) Chelsea Fans Club Website
Cithakan:Premier