Basa Sundha
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Basa Sundha (Basa Sundha) | |
---|---|
Dipituturaké ing: | Jawa Kulon, Banten (Indonesia) |
Cacahé Penutur: | 24 yuta |
Ing donya urutan kaping: | ? |
Rumpun Basa Klasifikasi: |
Austronesia Melayu-Polinesia |
Status Resmi | |
Basa Resmi ing: | (Jawa Kulon) |
Diatur dening: | |
Kode Basa | |
ISO 639-1 | su |
ISO 639-2 | sun |
SIL | SUN |
Basa Sundha dipituturake dening kurang luwih 24 yuta jiwa, lan basa nomor loro sing dhuwur dhewe ing tlatah Indonesia. Basa iki dipituturaké ing bagéyan kulon pulo Jawa, sisih kiduling Banten, Jakarta lan tlatah Pantura (Pantai Lor Jawa)sisih kulon. Ing tlatah pantai lor Jawa (Pantura) liyané, racaké basa Jawa sing dipituturaké.
Ing Jawa Tengah, basa Sundha uga dipituturaké ing tlatah Cilacap, utamané ing kecamatan Dayeuh Luhur, lan tlatah Brebes.
Amarga kena pangaruh budaya Jawa, dadi ing Basa Sundha uga ana undak-usuk utawa gradasi babasan. Wiwit saka Basa Cohag atawa kasar pisan nganti Lemes pisan sing padha karo Krama.
Dialek Bahasa Sundha uga akèh, miwiti saka dhialèk Sundha Banten, nganthi dhialèk Sundha ing Jawa Tengah, piwates ing Bantarkawung, Brebes lan diwatesi basa ing Kali Pemali, sing mula kecampur karo Basa Jawa. Nanging basa baku sing bisa ditampa déning sakabèhé penutur Basa Sundha sing asalé saka dhialèk kutha Bandung, utawa kerep disebut basa sakola jaman mbiyèn.