See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Wolfgang Lotz - Wikipedia

Wolfgang Lotz

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Wolfgang Lotz
Wolfgang Lotz

Wolfgang Lotz (Mannheim, Jerman, 6 Januari 1921 – München, Jerman, 13 Mei 1993) iku sawijining spion utawa agèn rahasya Israel. Lotz iku dadi misuwur amerga informasi intelijèné bisa nyumbangsih kamenangané Israel nalika Perang Enem Dina nglawan Mesir ing taun 1967.

Bab lan Paragraf

[sunting] Latar wuri

Lotz duwé bapak Jerman lan ibu uga Jerman nanging ana katurunan Yahudi. Dhèwèké lair ing kutha Mannheim, Jerman ing taun 1921. Nanging wong tuwané dudu wong sing fanatik marang agama. Mulané Wolfgang Lotz ora disunat kayadéné wong Yahudi. Ing taun 1931 wong tuwané pegatan lan nalika Adolf Hitler munggah kakuwasan ing taun 1933, Wolfgang ndhèrèk ibuné hijrah marang Palestina. Nalika iku Palestina isih dadi tlatah mandhat sing diurusi déning Britania Raya utawa Inggris utawa sajatiné dadi de facto jajahan Inggris. Banjur ing Perang Donya II, Lotz nyambut gawé ing Angkatan Dharat Britania lan amerga dhèwèké baud ing basa Jerman diwèhi tugas interogasi tawanan perang Jerman ing Mesir.

Sawisé Perang Donya II, Lotz banjur ngréwangi laskar Haganah lan nylundhupaké sanjata menyang Israel. Banjur nalika Krisis Terusan Suez ing taun 1956, dhèwèké mèlu perang ing Tentara Israel lan nduwé pangkat Mayor.

[sunting] Agèn rahasya Israel

Nyedhaki Perang Enem Dina ing dasawarsa 1960-an, Lotz ditugasi dadi agen (spiun) sing pro-Nasser, sarta tilas warga Partai Nazi sing banget sengité marang bangsa Yahudi. Kelakon Lotz menyang Jerman, lunga saka kutha siji menyang kutha sijine. Ngapalaké jenengé kaum selebritis film sarta acara TV Jerman sing mutakir; nyinau aksèn-aksèn logat, istilah-istilah pungkasan sing dipigunakake ing dalem srawung. Wis ta sarupaning keperluan sing dianggep bisa nutupi penyamarane anggone dadi spiun, dipepaki. Lha kelakon Lotz bisa mlebu nyang Mesir ngemba-emba dadi wisatawan. Dheweke ngaku dadi peternak jaran sing hebat; terus ngajak rembugan karo staf hotel. Rembugan rups-ruDa ngenani jaran Mesir, i ng ngendi bisane numpakja ran Mesir. Terus dituduhi pa Dan pertemuane warga kurnpulan kavaleri Mesir. Lotz iya banjur nekani papan patemon mau.

Terus rembugan karo wawatara warga kavaleri, sarta Lotz kandha Manawa dheweke ngalembana Jendral Jusuf Goulab anggoné numpak jaran. Wasis, gagah, nglanangi. Anggore ngaiembana mau wis mesthi bae ana tujuan sarta karepe. Lha katekan apa sing dadi kekarepane.

Sajake pangalembana mau diterusake menyang Jendral Jusuf Goulab. Sing banget gembira sarta mongkoge atine, dene ana wong manca Jerman, ngalembana dheweke. Mula, bengi iku uga Lotz nam-pa undangan khusus saka sang Jendral supaya melu nekani resepsi sing kebeneran dianakaké ing omahé. Kelakon Lotz kadi déné wong Jerman teka, ngestrèni pésta ing omahe Jendral Mesir, sing mesthiné uga dijenengi déning pati-pati liyané. Ing kono mesthi bae uga Lotz banjur bisa tepungan karo sawatara perwira tinggi Iiyane, ngrembug bab ika-iki; merga Lotz ditepungaké karo para tamu, jèjèr dadi "peternak jaran Jerman kelas wahid"

Lha iya tepungan sepisanan mau banjur kelakon "mbukak lawang" kanggone Lotz amrih saya akeh goul-e karo para pati Mesir Liyane. Dheweke bisa tepungan karo Wakil dinas Intelijen Mesir, Kolonel Abdurrahman; karo Jendral Fuad Usman, Kepala Keamanan pangkalan roket, sarta karo wong-wong Jerman dhewe sing wektu iku nyambutgawe ing proyek rahasia sing lagi digalang Presiden Nasser.

Sawatara minggu maneh, Wolfgang Lotz bali nyang Jerman, sengadi njupuk barang dalah ubarampene sing diperlok ake kanggo mbangun peternakan jaran ing Mesir. Temenan! Ora gantalan suwéné, dhèwèké bali manèh menyang Kairo karo nggawa koper ora kurang saka 17 iji. Kandhane kejaba penganggo Ian ubarampene peternakan jaran, uga hadiah-hadiah kanggo para pawong mitrane, jendraljendral Mesir. Rupa barang-barang elektronik sing dhek jaman kuwi isih durung akeh kadarbe dening bebrayan. Mesthi bae, kajaba kado utawa hadhiah kanggo mitra darmané sing anyar, jejunggulé kaum militèr Mesir, Lotz nggawa montor Volkswagen, sing dadi idolané wong Jerman Kulon, ing sisihé Mercedez lan BMW.

lya merga dikandhakaké menawa barang-bararg mau mujudaké kado utawa hadiah kanggo para jendral, mula iya banjur lolos saka pamriksan douane utawa pabéyan. Sing ora dikandhakaké Lotz, menawa dhèwèké uga nggawa radio transmitter winadi sing didhelikaké ana lars sepatu setiwel penunggang jaran.

Kanggo luwih bisa nutupi penyamarané, Lotz banjur omah-omah karo wanita gawan saka Jerman. Mangka satemene, dheweke uga wus nduwèni bojo, wanita Yahudi sing ditinggal ana Israel ana Israel; malah wus nduwe anak loro. Atasané nepsu banget lan mèh waé njabel tugasé lan ngundhang dhèwèké bali. Nanging wusanané bojoné enom iya bisa dikon nulungi tugasé dhèwèké.

Wanita Jerman iki, Waltraudt Neumann ngerti marang tugase Lotz, mula iya gelem bae dinikahi, nadyan ta uga wis mangerti manawa sing lanang mau wis duwé kulawarga Malah ora ming iku bae, dheweke uga melu nemoni sarta melu aweh keterangan marang para tamuné (pejabat Mesir) sing merlokaké katrangan-katrangan bab peternakan jaran. Malah uga sok mèlu pitakon ngenani bab rudal Mesir, bab kekuwatané pasukan Mesir lan liya-liyané manèh sing ana gandhèng-cènèngé karo pertahanan Mesir. Ora mung iku baé, Lotz dalah Waltraudt uga naté diajak ndeleng pangkalan-pangkalan pertahanan barang. Cekaké, Lotz dianggep "dudu sapa-sapa" manèh. Dianggep kulawarga dhéwé.

Nanging, ya embuh kepriyé; ndadak iya ana baé prakara sing njalari kejodheran tindhaké Lotz kuwi mau.

Ing dalem resepsi sing dianakaké déning kedutaan Jerman, sang atasé pertahanan Jerman ngandhakaké, yèn dhèwèké lali utawa ora éling, apa bener Lotz naté dadi bawahané Jendral Erwin Rommel sarta makarya ing Korps Afrika kayadéné sing kerep dikandhakaké Lotz dhéwé.

Kayadene sing kelakon, Pebruari 1965, rikala Lotz bali menyang omahé saka resepsi sing dianakaké Jendral Ghorab, ing ngarep lawang wis dicegat polisi Mesir sawatara. Dheweke ditangkep sarta kudu melu digawa menyang kantor polisi. Pihak Mesir nemokake transmitter radio ing timbangan awak ing kamar mandi.Terus lapuran-lapuran sing wis naté dikirimaké Lotz menyang Tel Aviv selawasé kira-kira 3 taunan. Uga ditemokaké rekaman swara sing mratélaké: "Sampéyan mujudaké spiun sing hebat kanggoné Israel" Cetha Manawa pujian mau tekane saka Tel Aviv, saka pemerentah Israel.

Miturut keterangan, anané Lotz nganti kejebak merga saka sembranané. Nanging ana uga sing kandha, manawa mula ya wis kodraté. Soalé, nalika samana Presidèn Jerman Wétan, Walter Ulbricht arep tindhak menyang Mesir. Lha dalan sing bakal diliwati sang Presiden luwih dhisik kudu disisid lan 'diresiki'. Mula sakehing pomahan sing ana sadhawané dalan kudu ditliti; dipriksa, diglédhah klebu uga omahé Lotz. Saliyané iku ana 30 warganegara Jerman Kulon sing padha dicekel pulisi Mesir. Rikala nganakaké pepriksaan iki; pihak kapolisian Mesir nemokaké barang-barang dalah sakehing ubarampé olèhé Lotz dadi telik sandi.

Ana manèh sing kandha manawa sing mbukak wadine Lotz mau, spion Rusia sing dikirim menyang Jerman Kulon. Lha saka kono si spion mbisiki pamaréntah Jerman Kulon supaya mbukak waranané Wolfgang Lotz.

Lotz ora diukum mati, nanging diukum penjara 25 taun. Déné sisihane, Waltraudt diukum 3 taun. Merga saka campur tangane pemerintah Jerman Kulon Lotz karo Waltraudt dibebasake; diijoli sarana dibebasake jurit Mesir 500 saka wong 4.000 sing dadi tawanan perangé Israel.

[sunting] Akir hayat

Lotz dibalekake nyang Jerman Kulon; diwènèhi karcis pesawat terbang menyang Frankfurt. Nanging nalika mandheg ing Athena, Lotz karo sisihané ndlesep metu saka apron, sacara sim-sim bali menyang Tel Aviv. Ing kana wong loro ditampa kayadéné pahlawan. Ora perlu diramèkaké amerga saka lelabuhané Lotz kuwi mau, Israel kelakon bisa menangaké Perang Enam Dina nalika taun 1967 kaé.

Wusanané bojoné sing wanita Jerman iku tilar donya amerga dipatèni Dinas Intelijen Mesir lan sawisé iku Lotz pindhah menyang Amerika lan sabanjuré tilar donya ing Jerman. Layoné digawa bali lan disarèkaké ing Israel.

[sunting] Sumber

  • (jv) Pak Sin. 2007. "Spion Yahudi Wolfgang Lotz Ketangkep ing Mesir" ing Damar Jati kaca 32-33 no. 54. Kemis Wagé 8 November 2007.
  • (en) Wolfgang Lotz. 1980. A handbook for spies. Harper & Row.
  • (en) Wolfgang Lotz. 1972. The Champagne Spy - Israel's Master Spy Tells his Story. St. Martin's Press.
  • (en) Gordon Thomas. 1999. Gideon's Spies: The Secret History of the Mossad. St. Martin's Griffin.


aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -