Tikus
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Tikus |
|||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Mencit Mus musculus
|
|||||||||||||
Klasifikasi èlmiah | |||||||||||||
|
Tikus kalebu kulawarganing Rodentia. Saka ukurané ana sing gedhé, lan ana sing cilik. Tikus uripé ing ngendhi-ngendhi panggonan. Ana sing urip ing got, alas, gladhak kapal, sawah, nganti urip ning omah-omah karo manungsa.
Tikus pakanané rupa-rupa, wiwit saka pari, nganthi kadhang daging uga dipangan. Tikus bisa manak nganti puluhan lan angèl dituntaské déning manungsa amarga tikus iku cepet yèn ndhuwé anak. Anaké tikus diarani cindhil.
Jenis-jenising tikus yaiku :
- Tikus pithi
- Tikus got
- Tikus sawah
- Tikus wirok
- Tikus putih
Tikus saliyané dhadi mungsuhing manungsa lan nyebaraké penyakit kaya sampar , ing negara-negara Walanda akèh sing ndhadèkaké tikus minangka kéwan klangenan, malah disayembarakaké kaya Miss Universe, Ratu ayu tikus lan oleh hadhiah medali lan dhuwit.