See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Sangkuni - Wikipedia

Sangkuni

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Sangkuni
Sangkuni

Sangkuni uga disebut Harya Suman. Dheweke putrane Prabu Keswara, dadi isih seduluran karo Dewi Gendari/Gandari. Ing Mahabharata versi India, Sangkuni disebut Shakuni lan dadi raja ing Gandaradesa. Wayang siji iki kondhang licik. Dheweke dadi punjering rusak-rusakan ing Astina.

[sunting] Anak lan Bojone

Ing pedhalangan, Sangkuni nduwe bojo Dewi Sukesti lan peputra telu:

  1. Arya Antisura
  2. Arya Surabasa
  3. Dewi Antiwati, kang dadi bojone Udawa.

[sunting] Lelakone

Nalika isih enom, Arya Sangkuni iku gagah lan gantheng. Sawijining dina, dheweke krungu kabar yen ana sayembara ngrebutake Dewi Kunti. Tekan panggonane, jebul wis bubaran. Kunti wis diboyong dening Pandhu. Sangkuni nesu lan ngajak gelut Pandhu. Sangkuni kalah lan masrahake adhine, Dewi Gendari. Gendari banjur dipek bojo karo Destrarasta. Pandhu mung sawetara wektu dadi raja amarga mati.

Amarga serik, Gendari lan Sangkuni gawe reka daya supaya Pandhawa lunga lan ngrebut Astina. Nalika ana pahargyan ing Krukmandhala, Ssangkuni nate ngganggu Kunti saengga kembene mlorot. Kunti nesu lan sumpah ora arep nganggo kemben nganti bisa kebenan nganggo kulite Sangkuni. Amarga polahe Sangkuni, pandhawa bisa dibuwang seka kraton.

Ing Bharatayudha, Sangkuni bisa dipateni dening Bima. Pengapesane ana ing silit. Kaya kang dadi penjaluke ibune, Sangkuni dikuliti lan diaturke marang Kunti.

[sunting] Delengen Uga


aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -