See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Pandhu - Wikipedia

Pandhu

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Prabu Pandu iku ratu ing Astina (Ngastina), putrane Begawan Abiyasa (Wiyasa) lan Dewi Ambiki, putri saka negara Kasi (Swantipura), randhane Prabu Wicitrawirya. Pandu duwe kadhang tuwa, asmane Dhestharastra, uga putrane Begawan Abiyasa karo Dewi Ambika (kadange tuwa Dewi Ambiki), randhane Prabu Citragada. Dhestharastra duwe cacat netrane (wuta), dene Pandhu duwe cacat tengeng guklune lan rai utawa mukane pucet. Prabu Pandhu wiwit timur wis kaloka kadigdayane. Nalika laire nate dadi srayane dewa nyirnakake mungsuh kahyangan: Prabu Nagapaya, ratu ing Kiskendhapura. Merga lelabuhane iki, Pandhu antuk nugraha jamang kencana sing tinretes barliyan, panah pusaka aran Ardhadedali (Hrudadedali) kang ing tembe dadi pusaka Arjuna, lenga Tala, lan dikeparengake nganggo sesebutan Dewanata iya Dewayana. Prabu Pandhu jumeneng ratu ing Astina nglintir kalenggahane ramane (Begawan Abiyata iya Prabu Kresnadipayana). Prabu Pandhu jejuluk Prabu Pandhudewanata, Pandhudewayana, iya Prabu Gandhawastra. Garwane Prabu Pandhu ana loro: 1 Dewi Kunthi Talibrata, putrine Prabu Kuntiboja saka Mandura, 2 Dewi Madrim, putrine Prabu Mandrapati saka Mandharaka. Saka garwa loro mau peputra cacah lima kakung kabeh kang sinebut Pandhawa. Pandhawa saka linggane tembung Pandhu lan "hawa", tegese putane Pandhu. Satriya lima kuwi : Puntadewa (Yudhistira), Werkudara (Bima), lan Arjua saka Dewi Kunthi, dene Nakula lan sadewa (kembar) putra saka Dewi Madrim. Aji-ajine Prabu Pandhu aran Lindhupanon, yen diwateg sing ketaman sanalika mumet lan bingung, Blabag Pangantol -antol lan Wungkalbener (aji aji iki dilintirake marang Patih Gandamana sadhurungake dilintirake marang Bratasena). Kejaba dadi muride Prabu Pandhu, Raden Gandamana disengkakakee ngaluhur jumeneng dadi patih lan senopati ing negara Astina. Negara Astina diasta Prabu Pandhu dadi negara kang gedhe lan loh jinawi. Ora ana parangmuka kang wani nekani.

image:Pandu-kl.jpg



Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.


Bali ing:


aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -