San Vito Chietino
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
San Vito Chietino kuwi sawijining commune lan kutha ing Provinsi Chieti, region Abruzzo, negara Italia San Vito Chietino, luwih dikenal minangka kutha Gabriele D'Annunzio, penyair kondhang kang urip ing taun 1900. Uga, kutha turis kang cilik lan tentrem iki, duwé atraksi kang unik lan arang tinemu yakuwi : La Costa dei Trabocchi. Trabocchi, kuwi dermaga kayu raseksa kang digawé taun 1400, ing tengah segara. Wangunan iki bisa dideleng saka dharatan saka kutha Ortona nganti tekan Fossacesia. Kerep wong ngarani wangunan mau minangka kalamangga raseksa. Kanggoné para nelayan lokal dermaga iki minangka cara kanggo golèk iwak kang akèh tumraping para pedunung. Jembar wewengkon 16 km2 lan cacahing pedunung 4.998 jiwa (data taun 2004). Pérangan saka tlatah iki yakuwi: Bianchi, Cese, Colle Capuano, Mancini, Foreste, Marina di San Vito, Pontoni, San Fino, San Vito Marina, Sant'Apollinare, lan Sciutico. Déné komunitas ing saubengé antara liya: Frisa, Lanciano, Ortona, Rocca San Giovanni, Treglio, Fossacesia.
[sunting] Demografi
Tuwuhing pedunung
[sunting] Pranala jaba
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |