Miglianico
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Miglianico kuwi sawijining comune lan kutha ing Provinsi Chieti, region Abruzzo, negara Italia.
Miglianico dumunung ing sikilé pagunungan Appenine Italia. Ekonomi kutha didominasi déning tetanèn; anggur lan zaitun minangka tanduran utama.
Kutha iki duwé loro gréja yakuwi: Gréja St. Rocco lan Gréja St. Pantaleone. Festival St. Pantaleone dianakaké saben tanggal 27 Juli. Saben taun ing Miglianico uga ana atraksi balapan pit ing sasi Juli/Agustus.
Jroing Perang Donya II, Miglianico dikuwasani déning bangsa Jerman kang nyoba nguwasani tlatah mau nalika pasukan Amérika dipimpin déning Jendral Mark Clark maju mengalor saka Italia Kidul. Minangka papan panggonan lan markas tentara Jerman mula Miglianico lan tlatah saubengé ajur mumur ditibani bom déning pasukan sekutu sajroning taun 1944. Akèh pedunung padha ngungsi lan manggon ing guwa guwa nganti sasèn-sasèn kanggo golèk slamet. Jembar wewengkon 22 km2 lan cacahing pedunung 4.529 jiwa. Pérangan saka tlatah iki yakuwi: Cagialone, Cerreto, Cerreto superiore, Cerrone, Ciummare, Collemarino, Elcine, Foreste, Montupoli, Piane San Pantaleone, Quattro Strade, Valle Sant'Angelo. Déné komunitas kang wewatesan yakuwi: Ari, Francavilla al Mare, Giuliano Teatino, Ortona, Ripa Teatina, Tollo, Villamagna
[sunting] Demografi
Tuwuhing pedunung
[sunting] Galeri
Artikel prakawis geografi puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |