Region ing Prancis
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Artikel iki bagéan saka seri bab:
Pamérangan Administratif Prancis |
Region
(klebu: Region jaban rangkah) |
(klebu: Departemen jaban rangkah) |
Arrondissement
|
Canton
|
Intercommunality
Komunitas kutha |
Commune
Associated communes |
Liyané ing Prancis Jaban rangkah
Kolèktifitas jaban rangkah |
Prancis kapérang dadi 26 regions utawa basa Rancis: régions, 21 dumunung ing dharatan metropolitan Prancis, siji ing pulo Korsika, lan papat ing jaban rangkah. Region-region ing dharatan Prancis banjur dipérang manèh jroning siji nganti wolu department utawa département.
[sunting] Karakteristik umum
Ing metropolitan Prancis (ora klebu Korsika), rata-rata wewengkon region kuwi jembaré 25,809 km², kira-kira saproliman jembaré rata-rata negara bagéan ing Amérika Sarékat, lan mung 4% saka jembaré rata-rata wewengkon provinsi ing negara Kanada, nanging 15% luwih amba saka rata-rata negara bagéan ing Jerman, lan 67% luwih amba saka rata-rata wewengkon region ing Inggris.
Ing taun 2004, rata-rata cacahing pedunung ing region Prancis 2,329,000, kurang sethithik saka setengahing rata-rata pedunung ing region Inggris, luwih sethithik saka setengahing rata-rata pedunung ing negara bagéan Amérika Sarékat, lan telungprapat saka rata-rata pedunung ing negara bagéan Jerman, nanging luwih saka pingpidhoné rata-rata pedunung ing provinsi Kanada.