Rasuna Said
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Hajjah Rangkayo Rasuna Said (Maninjau, Agam, 14 September 1910 – Jakarta, 2 November 1965) punika salah satunggiling pejuang kamardikan Indonésia ugi minangka pahlawan nasional Indonésia. Kadosdéné Kartini, panjenenganipun ugi merjuangaken émansipasi wanita. Rasuna Said dipun sarèkaken wonten ing TMP Kalibata, Jakarta.
[sunting] Riwayat
H.R. Rasuna Said punika satunggiling wanita anèm ingkang anggadhahi kekajengan ingkang kiyat kanthi wawasan ingkang wiyar. Perjuanganipun dipunmilai kanthi aktifitas wonten ing Sarékat Rakyat minangka Sekretaris cabang lan salajengipun dados anggota Persatuan Muslim Indonesia (PERMI). Panjenenganipun wasis sanget pidhato, ingkang suraosipun ngecam sipat mboten adil saking pamaréntah Walandi, saéngga naté dipuntangkep lan dipunkunjara wonten ing taun 1932 ing kitha Semarang.
Wekdal jaman panguwaosan Jepang, panjenenganipun ndhèrèk dados ngadegaken organisasi pemuda Nippon Raya ing Padang ingkang salajengipun dipunbibaraken déning Pamaréntah Jepang.
H.R. Rasuna Said lenggah wonten ing Déwan Perwakilan Sumatera, makili dhaérah Sumatra Kilèn saksampunipun Proklamasi Kamardikan, dipunangkat dados anggota Déwan Perwakilan Rakyat Republik Indonesia Serikat (DPR RIS), salajengipun dados anggota Déwan Pertimbangan Agung wiwit 1959 ngantos sédanipun.
H.R. Rasuna dipunangkat minangka Pahlawan Nasional kanthi Serat Kaputusan Presidhèn R.I. No. 084/TK/Taun 1974 tanggal 13 Desember 1974.
H.R. Rasuna Said nilaraken satunggil putri (Auda Zaschkya Duski) lan 6 putu (Kurnia Tiara Agusta, Anugerah Mutia Rusda, Moh. Ibrahim, Moh. Yusuf, Rommel Abdillah lan Natasha Quratul'Ain).
Asamanipun sapunika dipunabadèkaken minangka salah satunggilipun nami margi protokol wonten ing kawasan Kuningan, Jakarta Selatan.
[sunting] Pranala njawi
Artikel prakawis biografi tokoh puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |