Prasasti Ngadoman
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Prasasti Ngadoman dipunpanggih wonten desa Ngadoman, celak Salatiga, Jawa Tengah. Prasasti punika wigati, awit ageng kamungkinanipun, punika satunggiling antawis aksara Kawi kaliyan aksara Buda.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Isi Teks
[sunting] Alihaksara
- 'ong sri sarasoti kreta wukir hadi damalung uri
- ping buwana 'añakra murusa patirtan palemaran hapan yang
- widi hani déni yang raditya yang wulan hanele 'i halahayu
- ni dewamanusa yang hanut yang hagawe bajaran tapak tangtu kabah.ha
- deni dewamanusa muwah. sang tumon sangng amanah arenge luputa
- ring ila ila pad.a kadelana tutur jati yèn ana ngabah ta
- npa bekel apatik wenang tanpa baktaha histri pitung hajama tan wawa
- dona wastu sri syati sakawarsa | 1371
[sunting] Jarwa, namung cobi-cobi
Hong Sri Saraswati, redi Damalung (Merbabu) ingkang agung tur suci. Sira punika kagesangan ing buwana ingkang anyakran, manitis dados manungsa, papaning toya ... awit Sang Hyang Widi ... déning Bathara Surya, Bathara Canda ingkang menyuluhi ala-ayuning Dewa kaliyan manungsa. Ugi sira ingkang mriksani ingkang gadhah manah, mirengaken sedaya ingkang bakal lepat saking punapa-punapa ila-ilanipun. Sedaya sami pitadhos wicanten sejati. Menawi wonten ... tanpa ndarbèni para abdi, saged mboten mawa satunggiling tiyang wadon, pitung ... tanpa èstri sajatinipun. Ing warsa Saka 1371 (1449/1450 Masehi).
[sunting] Sumber
- J.G. de Casparis, Indonesian Paleography, 1975