See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Poerbatjaraka - Wikipedia

Poerbatjaraka

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka
Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka

Prof. Dr. Raden Mas Ngabehi (Lesya) Poerbatjaraka (*Surakarta, 1884 – +Jakarta, 1964) iku ahli budaya, ngèlmuwan Jawa lan utamame pakar sastra Jawa Kuna.

Bab lan Paragraf

[sunting] Bubuka

Panjenengané iku putra salah sijining abdi dalem karaton Kasunanan; Raden Tumenggung Purbadipura (éjaan modern). Pak Purbadipura iku abdi dalem Sunan/Susuhunan Pakubuwana X sing tinresnan dhéwé, panjenengané sastrawan lan kerep nembangaké tindakan-tindakané ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X.

[sunting] Nalika cilik

Poerbatjaraka, sing kagungan jeneng cilik Lesya, uga didhidhik ing kalangan keraton. Panjenengane sekolah ing HIS (Hollandsch-Indische School) sing suwene 7 tahun. Ing kene Lesya sinau basa Melayu, basa Landa lan kawruh dhasar liyane. Amerga panjenengane bisa basa Landa, Lesya bisa celathu karo bala tentara Walanda sing ana ing Sala. Para bala Landa iki katon yen seneng ngobrol karo bocah sing pinter iki.

Lesya dhemen maca. Ing yuswa timur panjenengane wis bisa maca layang-layang klasik Jawa, pira-pira ing antarane awujud naskah manuskrip sing bisa ditemokake ing perpustakaan bapane. Perkenalan pertamanya dengan sastra Jawa Kuna terjadi ketika ia menemukan buku karangan ahli Indologi termasyhur, Prof. Dr. Hendrik Kern.

Buku iki sajane hadhiyah sawijining priyayi Walanda ing ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana X. Anging panjenengane kurang ngerteni isi buku iki dadi diparingake pak Purbadipura. Mbokmenawa karsane supaya dijlentrehake. Banjur buku iki diwaca dening Lesya lan panjenengane dadi seneng banget.

Para abdi dalem keraton sing seneng sastra Jawa kala iku kerep nganakake panemonan diskusi bedhah sastra. Lesya sing isih timur seneng melu panemonan iki. Amerga wis rumangsa ngerti akeh, panjenengane tau nantang sawijining abdi dalem sepuh. Tibake iki buntute dawa lan Lesya ora kerasan maneh.

[sunting] Wanci ing Batavia

Amerga panjenengane rumangsa luwih cocog karo pendekatan ilmiah sing kerep diwaca saka buku-buku Landa, banjur panjenengane nulis laying marang Residhen Surakarta kala kuwi. Sang residhen sing wis tau krungu kapinterane Lesya banjur ngirim Lesya menyang Batavia/Jakarta ing taun 1910. Ing kana Lesya dikon nyambut gawe ing Dinas Purbakala ing Museum Gajah.

Kala iku iki Lesya diparingi asma Poerbatjaraka. Asma iki katata saka gelar purba kaya asma bapane lan tembung caraka, saka aksara Hanacaraka sing uga nduwe teges duta utawa utusan. Gelar priyayi Raden Ngabehi, sing luwih ngisor tinimbang gelar Raden Tumenggung kagungan bapane uga diparingake. Banjur gelar mulya Raden Mas, panjenengane oleh pirang taun maneh nalika rabi karo sawijining wanita ningrat sing kagungan gelar Raden Ayu.

Ing museum, Poerbatjaraka dianggep pinter lan kerep dijaluki tulung dening para pakar. Ing kene panjenengane uga nerusake pasinaonane ing sastra Jawa Kuna lan miwiti sinau basa Sansekreta.

[sunting] Ing Walanda

Panjenengané ditugasaké ing Universitas Leiden ing Walanda dadi asistèn Prof. Dr. Hazeu, mahaguru sastra Jawa. Banjur ing tahun 1926, kamangka ora tau kuliyah, Poerbatjaraka olèh promosi lan oleh gelar dhoktor karo dhisertasiné: Agastya in den Archipel.

Sabaliné ing Museum Gajah, ing taun 1930-an, panjenengané diwèhi pagawéyan dadi kurator naskah manuskrip lan tugas kanggo katalogisasi kabèh naskah Jawa.

Sawisé iku, banjur Indonesia mardika, panjenengané dadi profésor ing Universitas Indonesia, Jakarta, Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta lan Universitas Udayana, Denpasar, Bali. Malahan ing Denpasar, fakultas sastra iku yasané panjenengané.

[sunting] Bibliografi

[sunting] Sumber

  • Th. Pigeaud, ‘In Memoriam Professor Poerbatjaraka’, BKI, 122: 1966, pp. 404-412

[sunting] Uga delengen


aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -