See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Piye (Pirangon) - Wikipedia

Piye (Pirangon)

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Piye iku pirangon sepisanan kang asalé saka pedalaman Afrika, Nubia (saiki sabagéyan gedhé wilayahé ana ing Sudan), sing naklukaké Mesir Kuna ing taun 730 SM. Mila panjenengané dadi panguwasa rong nagara sisan, Nubia lan Mesir(Draper, 2008). Tulisan Robert Drawer dhéwé, didhasaraké marang panemon Charles Bonet sing wis nemokaké patung-patung kuna ing Kerma, ibukutha Nubia, Sudan.

Tujuan panaklukan yaiku kanggo nylametaké lan manunggalaké Mesir saka situasi pulitik sing kawilah-wilah déning faksi-faksi sing pasulayan wektu iku. Bagéyan lor Mesir wektu iku dipréntah déning pamimpin Libya sing kasil antuk kapercayan rakyat Mesir liwat jebakan tradhisi firauniah. Nanging nalika kasil, sacara alon-alon tradhisi kasebut malah diilangangi. Piye wis kasil mbalèkaké adat istiadat, budaya, spiritual, pasaréyan, lan bangunan-bangunan piramida sejati sing wis ilang saka Mesir sing sadurungé wis diadhopsi lan dilestarèkaké déning Nubia. Amarga Piye akiré Mesir bisa bali dadi Mesir sejati.

Piye mangkat taun 721 SM lan disarèkaké ing sawijining piramida gaya Mesir. Piye iku firaun sepisanan sing disarèkaké kanthi cara kasebut luwih saka 500 taun. Nganti saiki para arkeologi durung kasil nemokaké gambaran wutuh wangun pasuryané, saliyané patung sikik sing kasisa lan sawijining rélièf ing kuil sing nelakaké yèn Piye nduwèni kulit werna ireng, ing kuil ing Napata, ibukutha Nubia.

[sunting] Daftar pustaka

  • Robert Draper, Para Firaun Hitam, Majalah National Geographic Indonesia, Edhisi Febuari 2008.
  • Koran Tempo, 29 Januari 2003.





aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -