Marah Rusli
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Marah Roesli utawi asring ugi dpun éja Marah Rusli ( Padang, Sumatera Barat, 7 Agustus 1889 - Bandung, 17 Januari 1968 ) punika sastrawan Indonesia angkatan Balai Pustaka. Kaloka kanthi karya Siti Nurbaya (roman) ingkang dipun terbitaken ing taun 1920 Marah Rusli misuwur ngantos sapriki. Siti Nurbaya sampun dados legenda, wanita ingkang dipun peksa krama déning tiyang sepuhipun, pikantuk priyantun ingkang mboten dipun tresnani.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Riwayat
Marah Rusli, sang sastrawan punika, nggadhahi asma jangkep Marah Rusli (Marah Halim?) bin Abu Bakar. Bapakipun, Sutan Abu Bakar, punika bangsawan kanthi gelar Sutan Pangeran, nyambut damel dados demang. Marah Rusli daup kaliyan satunggiling putri Sunda klahiran Bogor wonten ing taun 1911 lan pinaringan putra tiga, kalih jaler lan setunggal èstri. Perkawinan Marah Rusli kaliyan putri Sunda kalawau mboten pikantuk idi pangèstu saking tiyang sepuhipun, nanging Marah Rusli tetep nglajengaken perkawinanipun.
Senajan langkung kondhang minangka sastrawan, Marah Rusli sakleresipun satunggiling dokter hewan. Bènten kaliyan Taufiq Ismail lan Asrul Sani ingkang saèstu nilaraken profesi minangka dokter hewan amargi milih dados penyair, Marah Rusli tetep anekuni profesi dokter hewan ngantos pènsiun ing 1952 kanthi jabatan pungkasan minangka Dokter Hewan Kepala. Karemenan Marah Rusli dhumateng kasusastran sampun tuwuh wiwit piyambakipun taksih alit. Piyambakipun remen midhangetaken carios-carios saking tukang kaba, tukang dongeng ing Sumatera Barat ingkang keliling kampung nyadé dongèngan lan maos buku-buku sastra.
[sunting] Kiprah
Wonten ing sajarah sastra Indonesia, Marah Rusli kacathet minangka pengarang roman ingkang wiwitan lan dipun anugerahi gelar déning H.B. Jassin minangka Bapak Roman Modern Indonesia. Sakdèrèngipun punika, prosa ingkang langkung biasa dipun anggé wonten ing Indonesia inggih punika hikayat.
Marah Rusli nggadhahi pendidikan inggil lan buku-buku wacanipun kathah ingkang saking manca nagari, ingkang nggambaraken kamajengan jaman. Piyambakipun rumaos yèn adat istiadat ing sakubengipun sampun mboten rujuk kaliyan kamajengan jaman. Bab punika nunten anglairaken pamberontakan ing salebeting manah, lajeng dipun suntakaken wonten ing karyanipun, Siti Nurbaya. Marah Rusli gadhah kekajengan kanggé mbébasaken masyarakat saking belenggu adat ingkang mboten maringi kesempatan tumrap laré anèm ngandharaken pikiran utawi pepinginan.
Wonten carios Siti Nurbaya, sampun dipun lebetaken landasan pemikiran ingkang ngarah dhunateng emansipasi wanita. Carios punika andamel para wanita wiwit mikiraken hak-hakipun, punapa badhé pasrah amargi tuntutan adat (lan tekanan tiyang sepuh) utawi kedah mertahanaken punapa ingkang dipun kajengaken. Carios Siti Nurbaya saged nggugah lan ngantunaken kesan ing salebeting manah para pamaos ngantos sapriki. Sampun langkung saking wolung taun wiwit lairipun, Siti Nurbaya tetep dados carios ingkang kathah dipun èmuti lan dados bahan wicara.
Sanèsipun Siti Nurbaya, Marah Rusli ugi nyerat sawetawis carios roman. Ananging, Siti Nurbaya punika ingkang paling saé. Roman punika pikantuk hadiah taunan dalam bidang sastra saking Pamaréntah Republik Indonesia taun 1969 lan dipun tarjemahaken dhateng basa bahasa Rusia.
[sunting] Karya
- Siti Nurbaya. Jakarta : Balai Pustaka. 1920 pikantuk hadiah saking Pamaréntah RI taun 1969.
- La Hami. Jakarta : Balai Pustaka. 1924.
- Anak dan Kemenakan. Jakarta : Balai Pustaka. 1956.
- Memang Jodoh (naskah roman lan otobiografis)
- Tesna Zahera (naskah Roman)
Terjemahan: Gadis yang Malang (novel Charles Dickens, 1922).
[sunting] Ugi Pirsani
[sunting] Pranala Jawi
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.