Asrul Sani
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Asrul Sani (Rao, Sumatra Barat, 10 Juni 1926 - Jakarta, 11 Januari 2004), punika satunggiling sastrawan lan sutradara film asal Indonesia. Ngrampungaken studi wonten ing Fakultas Kedokteran Hewan Universitas Indonesia (1955). Naté ndèrèk seminar internasional bab kabudayan ing Universitas Harvard (1954), memetri kawruh bab dramaturgi lan sinematografi wonten ing Universitas California Selatan, Los Angeles, Amerika Serikat (1956), lajeng ambiyantu Sticusa di Amsterdam (1957-1958).
Sesarengan kaliyan Chairil Anwar lan Rivai Apin, piyambakipun ngadegaken "Gelanggang Seniman" (1946) lan sacara sesarengan ugi dados redaktur "Gelanggang" wonten kalawarti Siasat. Séjénipun punika, Asrul ugi naté dados redaktur kalawarti Pujangga Baru, Gema Suasana (nunten dados Gema), Gelanggang (1966-1967), lan pungkasanipun dados pemimpin umum Citra Film (1981-1982).
Asrul naté dados Direktur Akademi Teater Nasional Indonesia, Ketua Lembaga Seniman Budayawan Muslimin Indonesia (Lesbumi), anggota Badan Sensor Film, Ketua Dewan Kesenian Jakarta, anggota Dewan Film Indonesia, lan anggota Akademi Jakarta (salami gesang). Tahun 2000 Asrul nampi penghargaan Bintang Mahaputra saking Pamaréntah RI.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Karya
- Tiga Menguak Takdir (kumpulan sajak sesarengan Chairil Anwar lan Rivai Avin, 1950),
- Dari Suatu Masa dari Suatu Tempat (kumpulan cerpen, 1972),
- Mantera (kumpulan sajak, 1975),
- Mahkamah (drama, 1988),
- Jenderal Nagabonar (skenario film, 1988),
- Surat-Surat Kepercayaan (kumpulan esai, 1997).
[sunting] Karya Terjemahan
- Laut Membisu (karya Vercors, 1949),
- Pangeran Muda (terjemahan bersama Siti Nuraini; karya Antoine de St-Exupery, 1952),
- Enam Pelajaran bagi Calon Aktor (karya Ricard Boleslavsky, 1960),
- Rumah Perawan (novel Yasunari Kawabata, 1977),
- Villa des Roses (novel Willem Elschot, 1977),
- Puteri Pulau (novel Maria Dermount, 1977),
- Kuil Kencana (novel Yukio Mishima, 1978),
- Pintu Tertutup (drama Jean Paul Sartre, 1979),
- Julius Caesar (drama William Shakespeare, 1979),
- Sang Anak (karya Rabindranath Tagore, 1979),
- Catatan dari Bawah Tanah (novel Fyodor Dostoyeski, 1979),
- Keindahan dan Kepiluan (novel Yasunari Kawabata, 1980),
- Inspektur Jenderal (drama Nicolai Gogol, 1986).
[sunting] Film ingkang dipun sutradarai
- "Pagar Kawat Berduri" (1963),
- "Apa yang Kau Cari, Palupi" (1970),
- "Salah Asuhan" (1974),
- "Bulan di Atas Kuburan" (1976),
- "Kemelut Hidup" (1978),
- "Di Bawah Lindungan Kaabah" (1978).
[sunting] Buku bab Asrul
- M.S. Hutagalung, Tanggapan Dunia Asrul Sani (1967) dan Ajip Rosidi dkk. (ed.), Asrul Sani 70 Tahun, Penghargaan dan Penghormatan (1997).
[sunting] Pranala Jawi
- (en) Cithakan:Imdb nama
- (id) Profil di tokohindonesia.com
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.