See also ebooksgratis.com: no banners, no cookies, totally FREE.

CLASSICISTRANIERI HOME PAGE - YOUTUBE CHANNEL
Privacy Policy Cookie Policy Terms and Conditions
Kabupatèn Lamongan - Wikipedia

Kabupatèn Lamongan

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Kabupaten Lamongan
Lambang Lamongan
Motto: "Memayu Raharjaning Praja"
Gambar:Lokasi Lamongan.jpg
Dina Dadi: ...
Ibukutha: Lamongan
Bupati: Masfuk, SH
Wakil Bupati: Drs. Tsalis Fahami, MM
Jembar
 - Total:

1.812,80 km²
Kecamatan
 - Cacahe:

27 Kecamatan
Pedhunung
 - Total:
 - Kapadhetan:

1.365.402 (31 mei 2005)
+/- 682 jiwa/km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kejawen, Islam, Protestan, Katolik, Hindu lan Buddha
Basa: basa Jawa lan basa Indonesia

Kabupaten Lamongan, mujutaken satunggaling kabupaten ingkang dumunung wonten Provinsi Jawi Wetan, Indonesia. Kuthonagarinipun inggih meniko Lamongan. Kabupaten meniko ugi wewatesan kaliyan Seganten Jawi wonten sisih ler, Kabupaten Gresik wonten sisih wetan, Kabupaten Mojokerto kaliyan Kabupaten Jombang wonten sisih kidul, Kabupaten Bojonegoro kaliyan Kabupaten Tuban wonten sisih kilen.

Bab lan Paragraf

[sunting] Geografis

Lamongan mujutaken satunggaling Kabupaten ingkang dumunung wonten pesisir ler Jawi Wetan. Saperangan wewengkon pesisir arupi wewengkon pagunungan. Wewengkon meniko amujutaken rerangkenipun pagunungan kapur ler. Wonten bagian tengah arupi dataran andap ingkang sitinipun mboten roto, lan saperangan malih arupi siti bono rowo. Wonten perangan sisih kidul wonten pagunungan ingkang mujutaken pungkasanipun rerangken Pegunungan Kendeng wonten iring wetan, Bengawan Solo mili wonten perangan sisih ler.

[sunting] Pemerentahan

Kabupaten Lamongan kaperang dados 27 kecamatan, ugi kaperang malih dados pinten-pinten desa lan kelurahan. Punjering pamrentahan wonten ing kecamatan Lamongan.

[sunting] Perekonomian

Tetanen mujutaken satunggaling sektor perekonomian ingkang penting sanget wonten Kabupaten Lamongan. Wewengkon pesisir mujutaken wewengkon perkembangan GERBANGKERTASUSILA.

[sunting] Angkutan

Kabupaten Lamongan dipun langkungi margi ageng Pantura ingkang saget nggubungaken kitha JakartaSurabaya, ingkang nglangkungi saurutipun pesisir seganten ler. Margi meniko ugi nglangkungi Wewengkon Kec.Paciran ingkang anggadhahi kathah panggenan pariwisoto. Kitho Lamongan ugi dipun langkungi margi ageng Surabaya – Cepu – Semarang. Kitho Babat mujutaken persimpangan margi antawis Surabaya - Semarang kaliyan margi Malang - Jombang - Tuban. Lamongan ugi dipun langkungi margi kereta api jalur ler Pulo Jawa.

[sunting] Plesir

Lamongan anggadhahi panggenan damel rekreasi ingkang sae tur edi. Ing wewengkon pesisir wonten panggenan wisata ingkang arupi Monumen Van der Wicjk, Waduk Gondang Pantai Tanjung Kodok lan Wisata Bahari Lamongan utawa Jatim Park-2. Goa Maharani teng Kecamatan Paciran, wonten pinggirane jalur utomo pantura (margi dalan Daendels ingkang kasebut dalan Anyer - Panarukan), yoiku guo kapur ingkang sae. mboten tebih saking Gua Maharani, wonten Makam Sunan Drajat lan Makam Sunan Sendang Duwur, yoiku wali ingkang nyebar agama Islam wonten Pulo Jawa. Kekalih pasareyan meniko anggadhahi seni arsitektur ingkang sanget acorak Majapahit, sacelakipun pasareyan wonten Museum Sunan Drajat.

[sunting] Rupa–rupa

Lamongan kawentar anggadhahi dhedaharan ingkang khas ingkang cekapdipun kenal lan saget dipun panggihi wonten saindewnging tlatah ing Jawi Wetan, upaminipun soto Lamongan, sekul boranan, tahu campur Lamongan. Wingko Babat mujutaken Jajanan khas saking kitho Babat. Salintunipun meniko ugi wonten jajanan khas saking wewengkon Kec.Paciran ingkang kasebat Jumbreg. Salintunipun jumbreg ,Paciran ugi mujutaken wewengkon ingkang ngasilaken who siwalan enem ingkang biasa dipun sebat ental.

[sunting] Mangga Kapurih Ugi Mriksani

[sunting] Pranala Jaba

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub).

Sinten kémawon ingkang kagungan karsa mbenakaken, sumangga kémawon.

bali menyang: Jawa Timur


aa - ab - af - ak - als - am - an - ang - ar - arc - as - ast - av - ay - az - ba - bar - bat_smg - bcl - be - be_x_old - bg - bh - bi - bm - bn - bo - bpy - br - bs - bug - bxr - ca - cbk_zam - cdo - ce - ceb - ch - cho - chr - chy - co - cr - crh - cs - csb - cu - cv - cy - da - de - diq - dsb - dv - dz - ee - el - eml - en - eo - es - et - eu - ext - fa - ff - fi - fiu_vro - fj - fo - fr - frp - fur - fy - ga - gan - gd - gl - glk - gn - got - gu - gv - ha - hak - haw - he - hi - hif - ho - hr - hsb - ht - hu - hy - hz - ia - id - ie - ig - ii - ik - ilo - io - is - it - iu - ja - jbo - jv - ka - kaa - kab - kg - ki - kj - kk - kl - km - kn - ko - kr - ks - ksh - ku - kv - kw - ky - la - lad - lb - lbe - lg - li - lij - lmo - ln - lo - lt - lv - map_bms - mdf - mg - mh - mi - mk - ml - mn - mo - mr - mt - mus - my - myv - mzn - na - nah - nap - nds - nds_nl - ne - new - ng - nl - nn - no - nov - nrm - nv - ny - oc - om - or - os - pa - pag - pam - pap - pdc - pi - pih - pl - pms - ps - pt - qu - quality - rm - rmy - rn - ro - roa_rup - roa_tara - ru - rw - sa - sah - sc - scn - sco - sd - se - sg - sh - si - simple - sk - sl - sm - sn - so - sr - srn - ss - st - stq - su - sv - sw - szl - ta - te - tet - tg - th - ti - tk - tl - tlh - tn - to - tpi - tr - ts - tt - tum - tw - ty - udm - ug - uk - ur - uz - ve - vec - vi - vls - vo - wa - war - wo - wuu - xal - xh - yi - yo - za - zea - zh - zh_classical - zh_min_nan - zh_yue - zu -