Judith Ernestine Bosnak
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Dr. Judith Ernestine Bosnak (miyos ing Velp, Rheden, Gelderland, Walandi, 29 Januari 1973) punika satunggiling pakar budaya Jawi. Piyambakipun spésialisi ing bidhang téater utawi sandhiwara Jawi. Karya ngèlmiahipun ingkang langkung wigati, punika dhisèrtasinipun ingkang ajudul Shaping the Javanese play. Dhisèrtasi punika dipunajokaken ing sidhang promosi ingkang kalaksanan ing 2006.
[sunting] Babad slira
Judith Bosnak miyos ing Velp, inggih punika satunggiling kitha alit utawi mbokmenawi saged dipunwastani dhusun ing sawétanipun negari Walandi. Piyambakipun mlebet sekolah menengah inggil ing Vrije School de Berkel ing Zutphen antawis taun 1986 kaliyan 1992.
Sasampunipun lulus lajeng Judith miwiti studi ing Univèrsitas Leiden ing taun 1993. Piyambakipun kuliah ing jurusan Talen en Culturen van Zuidoost-Azië en Oceanië (Basa lan Budaya Asia Kidul-Wétan lan Oseania).
Lajeng ing tengahipun taun 1995, Judith mendhet kursus basa Jawi ing Universitas Sebelas Maret (UNS), Surakarta.
Ing taun salajengipun, ing taun akadhémi 1996-1997, Judith kuliah ing Universitas Gadjah Mada, Bulaksumur, Ngayogyakarta. Piyambakipun mendhet basa Indonesia, basa Jawi, kaliyan ngèlmu antropologi.
Sawangsulipun ing Walandi, Judith nglajengaken kuliahipun kaliyan saged mbibaraken studinipun ing Agustus 1998 kaliyan angsal gelar magister. Topikipun punika bab Srimulat, satunggiling kelompok komédhi saking Sala. Skripsinipun saged dipungolongaken inovatif kanggé jaman samanten amargi ingkang dados bahan penelitian punika matérial audio-visual.
Sasampunipun lulus Judith lajeng katampi dados mahasiswi peneliti S3 ing Research School for Asian, African and Amerindian Studies ("Sekolah Riset Studi-Studi Asia, Afrika, saha Indian-Amerika"). Piyambakipun lajeng nglampahi penelitian lapangan ing Ngayogyakarta ing taun 1999, 2000 saha 2001.
Sabèntènipun mahasiswi peneliti Judith ugi satunggiling dhosèn wonten jurusan sastra lan budaya Jawi ing Universitas Leiden. Amargi kagolong bregas saha pinter piyambakipun asistèn ugi kerep nggantosi professor Ben Arps menawi saweg mboten wonten ing lokasi.
Ing pungkasaning taun 2006, Judith Bosnak maju ing sidhang promosi lan saged angsal gelar “dhoktor”. Dhisèrtasinipun ajudul Shaping the Javanese play. Karyanipun punika bab skrip lakonan sandhiwara Jawi. Buku puniki kasil saking penelitian lapangan ingkang sampun dipun lampahi saking 1999 ngantos 2001. Isinipun sangang studi kasus sandhiwara Jawi.
[sunting] Daftar pustaka
- 2006 – Shaping the Javanese play.