Imigrasi
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Imigrasi punika pepindhahan tiyang saking satunggiling nagari-bangsa (nation-state) nuju nagari sanès, ing pundit tiyang punika sanès warga nagari. Imigrasi ngrujuk ing pepindhahan kanggé netep permanèn ingkang dipunlampahi dmening imigran, éwadéné turis lan pandhateng kanggé jangka wekdal cekak mboten dipunanggep imigran. Éwadéné mekaten, migrasi pegawé musiman (umumipun kanggé periode kirang saking setunggal taun) asring dipunanggep minangka wangun imigrasi. PBB nginten wonten kirang langkung 190 yuta imigran internasional ing taun 2005, kirang langkung 3% saking populasi donya. Sisanipun netep ing nagara wiyosanipun piyambak utawi nagari panerusipun.
Éwadéné migrasi manungsa sampun dumados maéwu-éwu taun, konsèp modhèrn imigrasi, khususipun ing abad kaping 19, kakait kaliyan perkembangan nagari-bangsa kanthi kriteria kawarganegaraan ingkang cetha, paspor, pangawasan wewatesan permanèn, sarta hukum kawarganegaraan. Kawarganegaraan saking sawijining nagari maringi hak-hak khusus marang pandunung nagara kasebat, sauntawis para imigran dipunwatesi déning hukum imigrasi. Nagari-bangsa ndamel imigrasi dados sawijining isu pulitik; per dhéfinisi Nagari-bangsa punika tanah air sawijining bangsa ingkang dipuntengeri déning pepadhan etnis lan utawi budaya, éwadéné imigran kagungan etnis lan budaya ingkang bènten. Perkawis puniki sok njalari sawijining kategangan sosial, xenofobia, lan konflik idhèntitas nasional ing kathah nagari majeng.
[sunting] Ugi pirsani
Otoritas imigrasi ing Indonésia:
- Dirèktorat Jendral Imigrasi
- Akademi Imigrasi
Artikel prakawis pulitik puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |