Bonsai
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Bonsai (basa Jepang: 盆栽) punika salah satunggiling seni pamangkasan tandhiran utawi wit ingkang asalipun saking Jepang. Donipun inggih kanggé mbiyasakaken tandhuran utawi wit punika thukul ing kawontenan alit/cébol. Istilah bonsai piyambak asalipun saking basa Mandarin "pen zai".
Ing basa Jepang, bonsai tegesipun "tandhuran ing pot". Biyasanipun asosianipun kaliyan miniatur wit ingkang dipuntanem ing lebetipun pot utawi wadhah. Wit ingkang dipunbonsai biyasanipun wit ingkang wonten kajengipun (kados ta wit waringin, lan sasanèsipun)utawi wit-witan woh-wohan lan kadhangkala arupi wit sekar. Bonsai ingkang saé saged dipundèkèk ing jawi sapanjanging taun.
Èfèk artistik bonsai saged dipuntingali saking kasêmbangan ing ukuran batang, ron, pang sekar utawi woh kaliyan pot ingkang dipunginakaken. Pot ingkang dipunenggé kedah ndukung swasana wit ingkang dipuntandur.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Ukuran bonsai
Wonten 4 ukuran bonsai ingkang biayasa dipunenggé, inggih punika miniatur, alit, sedhengan, kaliyan rata-rata. Miniatur biyasanipun ukuran inggilipun kirang langkung 5 cm. Umumipun bonsai miniatur dipunsinyapaken ing wekdal kirang langkung 5 taun. Bonsai alit biyasanipun gadhah inggil antawis 5 ngantos 15 cm kaliyan merlokaken pasiyapan kirang langkung 5-10 taun. Bonsai ukuran sedheng gadhah inggil antawis 15 ngantos 30 cm, kaliyan bonsai rata-rata gadhah inggil 60 cm kaliyan wekdal pasiyapan kirang langkung 3 taun.
[sunting] Cara ndamel bonsai
Tandhuran utawi wit dipundamel cébol mawi ngethok oyot lan pangipun. Wit dipunbentuk mawi pitulungan kawat ing pang saha tunasipun. Kawat kedhah sampun dipunpendhet sadèrèngipun sempet nggorès cerma pang wit punika.
[sunting] Sajarah bonsai
Bonsai kapisanipun dipuntepangaken wonten Tanah Tiongkok kirang langkung 1.000 taun kepengker. Ananging lajeng dados populèr kaliyan dipun-perkembang-aken déning tiyang Jepang. Bonsai sapunika ugi populèr ing Tanah Jawi.
[sunting] Pranala jawi